Manfaat Poso Ramadhan.

 
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لله الّذي جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ مِفْتَاحاً لِنَيْلِ السّعَادَةِ وَالْغُفْرَانِ، وَغَفَرَ مَا تَقَدَّمَ مِنَ الذَّنُوْبِ مَنْ صَامَ نَهَارَهُ وَ قَامَ لَيْلَهُ بِلاِحْتِسَابِ وَالْاِ يْمَانِ.

وَ اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اَلْمَلِكُ الْمَنَّانُ ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا  عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلْمَبْعُوْثُ بِأَشْرَفِ الأَدْيَانِ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلَ الإِنْساَنِ، وَعَلَى الِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِالْبِرِّ وَ الْإِحْسَانِ.  اما بعد:

فَيَا اَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ  اِّتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّاَ وَ اَنْتُمْ  مُسْلِمُوْنَ.


Hadirin sidang jum’ah rohimakumullah

Wonten ing kasempatan menika, kula paring wasiat dateng diri kula piyambak khususipun, lan dumateng panjenengan  sedaya umumipun, mangga kita tansah ningkataken anggen kita iman lan taqwa dumateng ngarsanipun Allah SWT kanti iman lan taqwa engkang saestu. Napa maleh saat menika taksih wonten sakjerone wulan Romadlan, wulan engkang kebak rohmat, barokah lan maghfiroh sangking ngarsanipun Allah SWT.

Gusti Allah dawuh  wonten ing al-Qur’an surat al-Baqarah ayat: 183

يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ  لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ.


“Hee wong kang podo iman!! den wajibake tumrap sira kabeh ngelakoni poso ing wulan Ramadhan  kaya olehe den wajibake marang wong-wong kang sak durunge sira, supaya sira kabeh pada taqwa marang gusti Allah”

Kanthi ayat menika cetha sanget bilih ingkang dipun panggil dening gusti Allah ninda’ken pasa menika boten sedaya tiyang, ananging namung khusus  kagem tiyang mukmin, inggih menika tiyang engkang iman dumateng ngarsanipun Allah swt. Amargi nglampahi  siyam sak wulan muput niku boten saben tiyang sanggup ninda’aken  kejawi namung tiyang-tiyang engkang iman dumateng ngarsanipun Allah swt. Kanthi dipun wajibaken poso menika mugi tiyang engkang iman dados soyo tambah taqwanipun dateng ngarsanipun Allah swt.

Kanjeng nabi ugi dawuh:

وَالصِّيَامُ جُنَّةٌ وَاِذَا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ اَحَدِكُمْ فَلَا يَرْفُثْ وَلَا يَصْخَبْ فَاِنْ سَابَّهُ اَحَدٌ اَوْ قَاتَلَهُ فَلْيَقُلْ اِنِّي امْرُؤٌ صَائِمُ.


“Poso iku minangka tameng / pelindung,  lan nalika nandang pasa ing antarane sliramu kabeh, mangka aja pada rofats (berhubungan intim), lan aja pada gomong kasar, lamunto ana wong kang ngolok-ngolok utawa nyerang sliramu, mangka kondoho yen setuhune aku iki lagi pasa”

Hadirin sidang jum’ah rohimakumulloh

Saking hadits menika saget kita pendet pelajaran, bilih poso menika minangka dados pelindung  / tameng kagem  tiyang engkang nglampahi, tameng wonteng ing dunyo ugi tameng wonten ing akhirot. Wonteng ing dunya, poso saget namengi wong kang poso saking godaane syahwat, nafsu angkoro murko, ugi tindak engkang boten sae lintunipun. lan wonten ing akhirot, wong kang pasa haram nyemplung neraka.

Poso wonten ing bab meniko kagungan 3 manfaat sekaligus, inggih menika : manfaat secara mental spiritual, manfaat secara sosial lan manfaat secara kesehatan .

1   Manfaat secara mental spiritual : poso muput sakjerone wulan Ramadhan menika saget ndadosaken mental kita dados kiat, sabar, tambah bersyukur, mampu meper howo nafsu, nyegah maksiat, lan biso mbusek doso. Malah ninda’ken poso kanthi ikhlas soho disiplin saget dadosaken sikap lan karekter diri mukmin engkang disiplin lan tangguh, lan sifat-sifat menika sedoyo minongko dados tondo tiyang-tiyang engkang taqwa.
Taqwa menika posisi engkang saestu mulya sanget menggahipun gusti Allah, malah taqwa meniko dados tujuan utama saking syariat pasa Ramadhan.

2  Manfaat secara sosial :
Pasa Ramadhan menika mbiasaaken kita gesang kanthi tertib, disiplin, rukun, damai, gotong royong lan bersatu padu. Poso ugi  mbiasaaken kita demen marang keadilan, kesetaraan antara siji lan sijine: antara  sing sugih lan sing miskin, antara pejabat lan rakyat, antar pengusaha lan karyawane, antara sing sepuh lan sing anom, lan sakteruse. Ora ana perbedaan ing antara siji lan sijine sedoyo kagungan kewajiban pasa.
Malah kanthi ninda’ake pasa iso nuwuhake raos saling asih ing antarane umate kanjeng nabi Muhammad SAW, saling peduli, saling mat sinamatan, lan sak terusipun. Pancen kanthi ngelakoni poso Ramadhan iku, lawange  doso  lan maksiat dadi  ditutup rapet. Kanthi lantaran pasa Ramadhan, kawontenan masyarakat dadi tambah akrab, saling asih, gotong royong, lan tinebihaken saking penyakit sosial. Kondusifitas masyarakat terwujud.

3  Manfaat kesehatan
Mangertio menowo poso iku dadi sarono detoksifikasi :

Miturut kesehatan, tiyang engkang ninda’aken poso niku badane dados sehat wal afiat : kanthi nglakoni poso iso ngresiki usus lan pencernaan, weteng dadi akeh istirahat sing sakdurunge ora tahu mendeg giling panganan, ngresiki lemak lan kolesterol sing dadi sumbere pira-pira penyakit.
Wektu poso, saktemene awak iki lagi proses “detoksifikasi” yoiku proses buang zat-zat / racun sing wis ora dibutuhne awak.  
Wektu poso, awak iki uga lagi nedeng-nedenge proses “regenerasi”
(pembaharuan sel), sahinggo sel-sel kang mati akhire dibuang banjur diganti kelawan sel-sel kang anyar kang apik.
Dadi wong kang bar nglakoni  poso sak wulan muput, badane podo dadi sehat kabeh. koyo dawuhe kanjeng Nabi Muhammad SAW : “
shuumuu  tashihhuu”
(podo pasaho siro kabeh, mongko podo dadi sehat).

Hadirin Sidang Jumah Rohimakumulloh.

Pramilo saking meniko, mangga wulan Ramadhan niki kita dadosaken benteng spiritual, benteng sosial, lan benteng kesehatan, hinggo akhiripun gesang kita mugi dados gesang engkang sehat wal afiat, wilujeng dunyo, wilujeng akhirat. aamiin.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ  كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ  وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ  وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.


KHUTBAH KEDUA


اًلْحَمْدُ لِلهِ رَبِ الْعَالَمِيْنَ ، اَلْجَلِيْلِ الْعَظِيْمِ ، نَاصِرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ سَبِيْلِهِ الْقَوِيْمِ ،  اَلْهَادِىْ اَصْفِيَائَهُ اِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ.

اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ مُكَمِّلُ ثَوَابِ الْمُتَّقِيْنَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ اْلاَ نْبِيَاءِ وَاْلمُرْسَلِيْنَ. امّا بعد:

فَيَا عِبَاَد اللهِ ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ ،  وَاعْمَلُوْا عَمَلًا صَالِحًا فَاِنَّ عَمَلَ النَّاسِ يُرَى يَوْمَ الْقِيَامَةِ . وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:  فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَّرَاهُ  وَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَاَلَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَاهُ.

وَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلى الله عليه وسلم :  اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَاتَّبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ.

وَقَالَ اللهُ تَعَالَى :  اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَااَيُّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ:

اَلَّلهُمَّ اغْفِرْ  لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ ، وَضَعِّفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ ، وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئاتِ ، وَارْزُقْهُمْ مِنَ الْاَرْزَاقِ الطَّيِّبَاتِ.

اَلَّلهُمَّ ارْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا إنْدُوْنِيسِيَا خَاصَّةً  وَمِنْ سَائِرِ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً،  إنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ.

اَللَّهُمَّ لَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا سُلْطَانًا ظَالِمًا فَاسِقًا فَاجِرًا بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اجْعَلْ آخِرَ كَلَامِنَا بِقَوْلِ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ مُحَمَّدٌ  رسُوْلُ اللهِ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ الله!  إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيَ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ، فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمُ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ.

Semoga bermanfaat


Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO