Hajinipun tiang fakir

 

 - Hajinipun tiang fakir


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُالِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ
 لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُسْرِكُوْنَ
 أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه

 اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ،
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْم،
 يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّوَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
يٰۤاَيُّهَا الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡۤا اِذَا نُوۡدِىَ لِلصَّلٰوةِ مِنۡ يَّوۡمِ الۡجُمُعَةِ فَاسۡعَوۡا اِلٰى ذِكۡرِ اللّٰهِ وَذَرُوا الۡبَيۡعَ‌ ؕ ذٰ لِكُمۡ خَيۡرٌ لَّـكُمۡ اِنۡ كُنۡتُمۡ تَعۡلَمُوۡنَ.

Hadirin jemaah jum' at rokhimakumullo.

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwallah, ajrih dumateng ngarsanipun Allah, kanti nindaaken sedaya printah-printahipun soho nebihi sedaya awisan-awisan-Ipun. Supados kitho sedaya manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Sampun kitha maklumi, bilih ibadah haji lan umroh meniko ambetahaken finansial engkang mboten sekedik. Mboten sadengah tiang anggadahi kemampuaan nindaaken ibadah meniko.
Ananging ibadah meniko mboten wajib tumrap tiang fakir utawi miskin.
Tumrap kaum muslimin ingkang mampu meniko hukumipun wajib nindaaken ibadah haji tuwin umroh.

Hadirin jemaah jum' at rokhimakumullo.

Ananging meniko, wonten amalan-amalan alternatif engkang saget kitho tindaaken hinggo saget anggayuh ganjaran engkang sepadan kaliyan ganjaranipun haji lan umroh. Amalan alternatif kasebat antawisipun :

1  Angrawuhi majelis ilmu wonten masjid

Namung ilmu engkang saget anjagi lestarinipun syariat agami Islam.  Kanti meniko, Islam sanget mulyaaken ilmu.  kejawi ilmu lan dzikir dateng gusti Allah.
Islam paring pangajeng ajeng ganjaran ageng kagem tiang engkang purun ngajaraken ilmu lan sinau ilmu.
Kanjeng Nabi
Muhammad saw dawuh :



مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ لَايُرِيْدُ إِلَّا أَنْ يَتَعَلَّمَ خَيْرًا أَوْ يُعَلِّمَهُ كَانَ لَهُ كَأجْرِ حَاجٍّ تَامٍّ حِجَّتَهُ (رواه الطبراني)

Sopo wonge budal marang masjid, niyat mung sinau kesaenan utawi mulangaken kesaenan, mongko kanggo dewekne ganjarane wong haji kang nyampurnakne hajine. (HR. ath-Thabrani)

2  Dzikir ba’dane shalat Shubuh hinggo shalat Dhuha

Supados ngasilaken ganjaran engkang sepadan kalian haji lan umroh, kitha kedah dzikir wiwit ba’da sholat Shubuh hinggo wekdal manjingipun sholat Dhuha, lajeng dipun tutup kalian sholat sunnah kalih rokaat.
Amalan meniko saget andatengaken ganjaran kados ganjaranipun haji lan umroh, Rasulalloh Muhammad saw dawuh:



مَنْ صَلَّى الْغَدَاةَ فِي جَمَاعَةٍ ثُمَّ قَعَدَ يَذْكُرُ اللَّهَ حَتَّى تَطْلُعَ الشَّمْسُ ثُمَّ صَلَّى رَكْعَتَيْنِ كَانَتْ لَهُ كَأَجْرِ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ تَامَّةٍ تَامَّةٍ تَامَّةٍ (رواه الترمذي)


 “Sopo wonge sholat Shubuh kanthi jamaah, banjur lungguh dzikir nyebut asmane gusti Alloh nganti metune srengenge, banjur sholat rong rokaat, mongko dewekne oleh ganjarane haji lan umroh, sempurno, sempurno, sempurno.” (HR. Tirmidzi)

3  Mbantu nyukupi hajate sedulure

Klebet ibadah sosial engkang ganjaranipun sepadan kalian haji lan umroh inggih meniko paring pambiyantu dateng tiang sanes engkang ambetahaken bantuan. Amalan meniko saget andatengken ganjaran sami kalian ganjaranipun haji lan umroh. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:



 مَنْ مَشَى فِي حَاجَةِ أَخِيهِ أَظَلَّهُ اللَّهُ بِخَمْسَةٍ وَسَبْعِينَ أَلْفِ مَلَكٍ حَتَّى يَفْرُغَ, فَإِذَا فَرَغَ كُتِبَ لَهُ أَجْرُ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ (رواه الخرائطى)

Sopo wae paring pambiyantu marang sedulure, Alloh bakal ngiyup-ngiyupi kalian 75.000 malaikat hinggo rampung anggone paring pambiyantu. Yen dewekne wes rampung anggone paring pambiyantu, ditulis kanggo dewekne ganjaran haji lan umroh.” (HR. al-Khara’ithi)

4  Budal awal sholat Jum’at lan nunggu sholat Asar kanti jamaah


وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Sholat Jum’at anggadahi keutamaan langkung ageng dipun banding sholat-sholat wajib lintinipun. Kathah dalil engkang anjelasaken meniko. Ing antawisipun hadist nyebataken bilih sholat Jum’at meniko hajinipun tiang-tiang fakir. Sholat Asar ugi anggadahi keutamaan engkang ageng. Sebab, sholat Asar meniko sholat al-wustho engkang anggadahi penekanan khusus wonten Al-Qur’an.

Wenawi kitha bidal awal kagem sholat Jum’at dipun lajengaken nenggo sholat Asaripun, ganjaranipun sepadan kalian haji lan umroh.

Kados dawuh pangandikanipun nabi Muhammad saw:



إِنَّ لِكُمْ فِى كُلِّ جُمُعَةٍ حَجَّةً وّعُمْرَةً فّالْحَجَّةُ الْهَجِيْرَةُ لِلْجُمُعَةِ وَالْعُمْرَةُ انْتِظَارُ الْعَصْرِ بَعْدَ الْجُمُعَةِ (رواه البيهقى)

“Temen, kanggo siro kabeh saben dino Jum’at ono haji lan umroh. Haji yo iku budal awal sholat Jum’at. Umroh yo iku nunggu sholat Asar sak wise shalat Jum’at.” (HR. Baihaqi)

5  Bidal dateng masjid kanthi sesuci

Bidal dateng masjid kagem sholat fardhu kanthi anggadahi wudhu, kitho berhak nampi ganjaran kados ganjaranipun tiang engkang haji. Menawi bidal dateng masjid kagem sholat sunnah, kitho berhak nampi ganjaran kados ganjaranipun tiang engkang umroh. Menawi kitho sampurnaaken kanthi sholat sunnah bakdanipun sholat wajib, kitho termasuk golongnipun tiang-tiang mulyo (‘illiyyin). Rasul Muhammad saw dawuh:



مَنْ خَرَجَ مِنْ بَيْتِهِ مُتَطَهِّرًا إِلَى صَلَاةٍ مَكْتُوبَةٍ فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْحَاجِّ الْمُحْرِمِ. وَمَنْ خَرَجَ إِلَى تَسْبِيحِ الضُّحَى لَا يَنْصِبُهُ إِلَّا إِيَّاهُ فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْمُعْتَمِرِ. وَصَلَاةٌ عَلَى أَثَرِ صَلَاةٍ لَا لَغْوَ بَيْنَهُمَا كِتَابٌ فِي عِلِّيِّيْنَ (رواه أبو داود)

Sopo wonge metu soko omahe kanthi sesuci arep nindaake sholat wajib, ganjarane koyo ganjarane wong kang haji. Sopo wonge metu arep sholat Dhuha, ora metu kejobo mung kanggo sholat Dhuha, ganjarane koyo ganjarane wong kang umroh. Sholat sak wuse sholat kang ora disisipi penggawe ora guno, ditulis kaggo dewekne sebutan ‘illiyyin (kitab catatan kanggo wong-wong kang berbakti.
 (HR. Abu Dawud)
Baca Juga: Khotbah Bahasa Jawa Kromo Inggil
6  Sedekah kanthi rahasia

Sedekah engkang kitho tindaaken kanthi rahasia  saget anjalari ganjaran engkang langkung ageng tinimbang haji lan umroh. Senaoso engkang kitha sedekaha ajinipun langkung alit tinimbang biaya haji lan umroh. Bisyr bin al-Haritsah anjelasaken sebabipun:



اَلصَّدَقَةُ أَفْضَلُ مِنَ الْحَجِّ وَالْعُمْرَةِ وَالجِهَادِ. ثُمَّ قَالَ: ذَاكَ يَرْكَبُ وَيَرْجِعُ وَيَرَاهُ النَّاسُ وَهَذَا يُعْطِى سِرًّا لَايَرَاهُ إِلَّا اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ (رواه أبو نعيم)

Sedekah langkun utami tinimbang haji, umrah, lan jihad. Sebab, tiang engkang bidal haji, umrah, lan jihad bidal nitih kendaraan lan wangsul, sedengah tiang sami nyekseni.
Sedeng tiang engkang sedekah piyambake paring kathi rahasia, oro ono kang ningali kejobo mung gusti Alloh.
(HR. Abu Nu’aim)

Hadirin jemaah jum' at rokhimakumullo.

Mekaten kolo wau amalan alternatif engkang saget andatengaken ganjaran kados haji lan umrah. Banyak jalan menuju roma. Tidak ada rotan akarpun jadi.

Saking kawontenan ingkang terbatas ngantos mboten saget nindakake ibadah haji lan umrah, Rasulullah sampun paring petunjuk amalan-amalan alternatif engkang saget andatengaken ganjaran ageng kados ganjaranipun haji lan umroh. Monggo dipun maksimalaken kesempatan meniko.



بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


KHUTBAH KEDUA



الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىّ‏ِ يَأَيُهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوا تَسْلِيْماً
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَاصِغَارًا
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّار
ِ وَقِنَا عَذَابَ النَّار
ِ وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
 عِبَادَاللهِ.

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Aqimussholah.

Semoga bermanfaat.***
Baca Juga: Peristiwa-peristiwa Penting di Bulan Safar

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO