KHUTBAH JUM'AT (Bahasa Jawi) Hijrah Patuladan Nabi
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ وَأَمَرَهُ مَعَ أَصْحَابِهِ بِالْهِجْرَةِ *مِنْ مَكَّةَ الْمُكَرَّمةِ اِلىَ الْمَدِيْنَةِ الْمُنَوَّرَةِ * أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ باِلرِّسَالَةِ الْمُنِيْرَةِ * اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُؤَيَّدِ بالْمُعْجِزَاتِ اْلبَاهِرَةِ * وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ذَوِى الْمَنَاقِبِ اْلفَاخِرَةِ * أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللّٰهِ * فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالىَ : اِنَّ الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡا وَالَّذِيۡنَ هَاجَرُوۡا وَجَاهَدُوۡا فِىۡ سَبِيۡلِ اللّٰهۙ اُولٰٓٮِٕكَ يَرۡجُوۡنَ رَحۡمَتَ اللّٰهِ ,وَاللّٰهُ غَفُوۡرٌ رَّحِيۡمٌ
*Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya*
Mangga kita sami nambahi taqwa lan ta’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya.
Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Muharram punika minangka kawitanipun tahun Hijriyah, inggih tahun Islam, wulan Muharram mila mengku sejarah ingkang sanget wigatos tumrap perkembangan dakwah Islam. Jalaran awal kemenangan Islam lan kejayaan Islam punika kapurwakan kanti prastawa hijrah jengkaripun Rasulullah Sallallahu’alaihi wa sallam, saking nagari Makkah tumuju dateng Madinah.
Hijrahipun Rasulullah SAW. lan para shahabatipun nilar negari Makkah mboten jalaran ajrih ngadepi mengsah tiyang-tiyang kafir Quraisy saha ancamanipun, ugi mboten jalaran melarikan diri tinggal nglanggang colong playu. Nanging jalaran nindakaken dawuhipun Allah Ta’ala. Bidalipun para shahabat punika kanti kebak ancaman, intimidasi lan teror. Ananging tekad ingkang sampun bulat, manah manteb lan ikhlas. Tekad ingkang mekaten jalaran dipun sugesti dening dawuh Dalem Allah Ta’ala:
وَمَنْ يُهَاجِرْ فِي سَبِيلِ اللّٰهِ يَجِدْفِي الْأَرْضِ مُرَاغَمًا كَثِيرًا وَسَعَةً وَمَنْ يَخْرُجْ مِنْ بَيْتِهِ مُهَاجِرًا إِلَى اللّٰهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ أَجْرُهُ عَلَى اللّٰهِ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُورًا رَحِيمًا
“Sapa wonge hijrah ing dalane Allah, mangka deweke mesti bakal nemu bumi iki minangka panggonan kang jembar, lan rizki kang akeh, lan sapa wonge metu sangka omahe kerana hijrah tumuju marang karidlane Allah lan utusane tumuli pati sumusul ing deweke, mangka temen-temen ganjarane ing ngarsane Allah. Lan Allah iku Dzat Kang akeh pangapurane lan Dzat Kang akeh kawelasane”. ( QS. An Nisa : 100).
Lan wusananipun terang lan nyata bilih hijrahnipun Rasulullah Saw. punika mengku hikmah lan piwucal ingkang sanget wigatos. Minangka kangge mujudaken setunggaling strategi perjuangan lan siasat kangge nggayuh cita cita perjuangan dakwah Islam.
*Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.*
Prastawa hijrahipun Rasulullah punika kedah kita dadosaken piwucal lan patuladan. Semangat hijrah kedah tansah tumanem ing saben saben manahipun tiyang Islam. Wondene hijrah ingkang kedah kita tindakaken punika mboten kedah hijrah secara fisik. Nanging hijrah kanti makna nilar lelampah awon tumuju dateng kesahenan. Kados dawuh Al Qur’an:
وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْ
“Lan ing perkara kang ala, mangka sira ninggalna”
(QS. Al-Muddatsir : 5).
Dawuhipun Allah menika ugi jumbuh kalian dawuh dalem Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam :
وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَاجَرَ مَانَهَى اللّٰهُ عَنْهُ
“Kang aran wong hijrah yaiku wong kang ninggalake perkara kang dilarang dening Allah”.
(HR.Bukhari, Muslim)
Wusananipun swasana warsa enggal hijriyah punika sageta nyemangati dateng kita nindakaken hijrah secara mental, kultural, sosial lan material tumuju dateng kawontenan ingkang langkung sae.
Mugi kita kalebet kawula ingkang saget nderek dateng Allah, kanti nambahi tha’at kita ndandosi ibadah kita, ing pangajab Allah tansah maringaken rahmat dateng kita wilujeng dunya lan akhirat.
باَرَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْاَيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَالتَّوَّابُ الرَّحِيْمُ*
وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*

Komentar
Posting Komentar