Gilir Gumantosing Mangsa
Gilir Gumantosing Mangsa
(Bahasa Jawi)
Oleh : KH.Damanhuri
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَدَّدَ الْأَعْوَامَ عَمًا بَعْدَعَامٍ* أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ السَّلَامُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَيْرُالْاَنَامِ* اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَاْلعَجَمِ* وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّادَةِ الْكِرَمِ* وَتَابِعِهِمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ* أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللّٰهِ الْخَالِقِ الْعَلاَّمِ* بِالطَّاعَاتِ وَالْعِبَادَاتِ وَتَرْكِ الْمَعَاصِي وَالْأَثَامِ* تَدْخُلُ جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّلاَمِ* فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ* يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوْا اللّٰهَ إِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
*Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.*
Mangga kita tansah ningkataken tha’at lan taqwa dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar sedaya awisanipun.
Ing pangajab kita tansah pinaringan kanugrahan lan rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sak lajengipun sumangga kita menggalih kanti wening dateng gumantosing tahun ingkang nembe kita lampahi, bilih pergantian tahun miderek agami kita punika mboten ngrupekaken perkawis ingkang luar biasa, lan ugi mboten mengku perkawis ingkang asifat mistik, ugi mboten minangka isyarat lan sasmita ingkang saget diramal ramal. Prastawa gumantosing tahun estu minangka prastawa alami ingkang sampun lazim mesti dumados jalaran mila sampun dumugi titiwancinipun, kalebet saweneh saking bukti tanda panguwaosipun Allah Ta’ala.
Kaprahing wonten ing swasana gumantosing warsa mekaten punika, kita nembe sami sadar, lan enget dateng umur ingkang sampun dipun liwati. Jalaran kesibukan, lan problem pagesangan ingkang gilir gumantos mboten wonten rampungipun. Wusana kita nyupekaken dateng Pangeranipun, ingkang maringaken samukawis kanugrahan. Wusananipun tentu kita piyambak ingkang bade manggihaken jawabanipun ayat menika:
يَا أَيُّهَا الْإِنْسَانُ مَاغَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيْمِ
_“He eling-eling manungsa, apa ta kang wus mbujuk marang sira nganti sira duraka marang Pangeranira Kang Maha mulya?”_ (QS. Al Infithar :6)
*Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.*
Kita sedaya tentu sadar bilih wekdal terus obah lumampah, nilaraken pagesangan kita wiwit detik demi detik, menit, jam, dinten demi dinten, ngantos tahun gumantos tahun. Saya tambah umur kita, saya caket kita dateng wates umur kita. Rumaos utawi mboten, kita menika nembe sami antri tumuju garis finish. Ing mangka ajal kita menawi dumugi sak mangsa mangsa tanpa taliwara, tanpa sraba sraba, wusananipun nuwuhaken raos getun keduwung pinanggih wingking, kados ingkang dipun isyarataken dening Allah wonten Al Qur’an:
لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى إِلَى أَجَلٍ قَرِيْبٍ فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ
_“Duh Gusti Pangeran kula, mbok inggiha Panjenengan tunda ajal (pejah) kula sekedap kemawon, supados kula saget sedekah lan dados golonganipun tiyang ingkang sami shahih shahih”_
(QS. Al Munafiqun : 10).
Raos getun keduwung mekaten kok dumugining tentu randat. Mila sumangga wonten ing warsa enggal punika sami gumbregah ngadepi mangsa ngajeng kanti semangat enggal, niat ingkang enggal kagem nggayuh kawontenan ingkang langkung sae.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.
Tumrap kita tiyang jawi, dumuginipun warsa enggal ingkang kapurwakan wulan Muharram, kita mestani wulan Sura punika, sering dipun tampi kanti sikap ingkang mawerni werni, tanpa dasar ingkang gumathok, namung nurutaken pengangen angen kanti alasan nalurek-aken leluwur ingkang mboten saget dipun teges jluntrungipun.
Pramila tumrap kita, menawi bade mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram, kanti nambahi tha’at lan ngibadah dateng Allah, nindakaken amalan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita.
Mulyaaken wulan Muharram punika antawisipun kanti nindakaken ibadah shiyam, langkung langkung wonten ing dinten ‘Asyura’ jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadhan, punika shiyam wonten ing wulan Muharram, kados kadawuhaken Kanjeng Nabi :
أَفْضَلُ الصَّوْمِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللهِ الْمُحَرَّمُ (رواه مسلم)
_“Luwih utama utamane pasa sak wise pasa Ramadhon, iki pasa ana ing wulan Muharram”_ (HR. Muslim).
Mugi mugi Allah tansah maringaken rahmat lan hidayahipun dateng kita, kanti pinaringan panjang umur ingkang manfa’at lan wilujeng dunya akhirat.
جَعَلَنَا اللّٰهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْاَمِنِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ
وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*
Komentar
Posting Komentar