KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi) Sebab Tumuruning Mushibah
KHUTBAH JUM'AT
(Bhs.Jawi)
Sebab Tumuruning Mushibah
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي حَذَّرَ عِبَادَهُ مِنَ الْمَعَاصِي وَالْمُنْكَرِ وَاْلإِغْتِرَارِ* وَرَغِبَهُمْ فِي اْلإِسْتِعْدَادِ لِدَارِ الْقَرَارِ* أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الَّذِي يَخْلُقُ مَايَشَاءُ وَيَخْتَارُ* وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ* اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نُوْرِالْأَنْوَارِ*وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْمُهَاجِرِيْنَ وَالْأَنْصَارِ* وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى دَارِالْقَرَارِ* أَمَّابَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ الْكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ* قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ*
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun.
Amergi kanti taqwa dateng Allah kita bade kaparingan kawilujengan wiwit gesang ing dunya ngantos mbenjang dumugining akhirat. Amin.
Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun:
وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ
“Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah pada netepi taqwa”. (QS. Fushshilat: 18).
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya
Ndadosna kauningan bilih lampah makshiyat, duraka dateng Allah punika ngrupekaken perkawis ingkang mahanani dumawahipun pinten-pinten pasiksan dunya lan akhirat, lan ugi bade nglabeti awon tumrap para kawula lan bangsa. Allah nggambaraken wonten ing Al Qur’an pinten mawon ummat lan bangsa ingkang dipun tumpes tapis, mboten wonten balak lan musibah, penyakit lan pagebluk, lan sak warnining pasiksan kejawi namung kanti jalaran tumindak dosa lan makshiyat. Dene ma’shiyat punika pendamel duraka tegesipun mbangkang dateng Allah, sami ugi sebab mboten taat dateng perintah, utawi sebab kumawantun nerjang awisanipun Allah. Contonipun kados dene iblis laknatullah, dipun laknat lan dipun berat dening Allah jalaran anggenipun mbangkang dateng Allah, mboten purun sujud dateng Nabi Adam ‘Alaihis salam kerana takabbur. Qarun ingkang brewu, sugih mblegedu sugih banda bandu, diuntal bumi sak banda dunyane jalaran anggenipun mbangkang lan ingkar dateng Nabi Musa ‘Alaihis salam.
Mekaten ugi kaum Tsamud bangsanipun Nabi Shalih ‘Alaihis salam sami dipun samber bledek, sebab anggenipun syirik lan nggorohaken Nabi Shalih. Kaum ‘Ad bangsanipun Alaihis salam dipun tumpes kanti cleret tahun, angin niup kanti banter sanget, saha hawa ingkang sanget asrep lan suwanten ingkang gemuruh anggegirisi ingkang dipun wastani angin Shor Shor. Pasiksan dunya ingkang mekaten wau sedaya mboten sanes amergi anggenipun ma’shiyat lan duraka dateng Allah kanti takabur lan nggorohaken Nabinipun. Kados dawuhipun Allah :
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِي أَيَّامٍ نَحِسَاتٍ لِنُدِيْقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا وَلَعَذَابُ الْاَخِرَةِ أَخْزَى وَهُمْ لاَيُنْصَرُوْنَ
“Ingsun Allah wis niyupake angin shor shor marang kaum ‘Ad ana ing sak jerone dina siyal, supaya bangsa ‘Ad mau pada ngrasakake inane pasiksan sak jerone urip ana ing dunya, lan yekti siksa akhirat iku luwih banget olehe nginakake, lan bangsa mau ora bakal ana kang mitulungi” (QS. Fushilat : 16).
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya
Ningali kasunyatan ing mangsa punika kita sanget prihatos, amergi mushibah ingkang dumados, matumpa tumpa tansah gilir gumantos. Manah mboten nate tentrem kebak raos kuatos. Pramila tulada wonten ing dawuh Al Qur’an, tentu kedah kita dadosaken prengetan, kita kedah langkung ngatos atos, nambahi tha’at ibadah lan netepi bektos, dateng Allah Ta’ala ingkang Maha Kuwaos. Lan ugi ngirangi kepara mareni lampah ma’shiyat lan duraka supados Allah mboten ndawahaken bebendu dumateng kita punika. Miderek dawuh ke lajengangipun ayat kados ingkang sampun kasebat ngajeng, sagetipun pikantuk margi kawilujengan mboten sanes kejawi namung kanti nambahi iman lan taqwa dateng Allah, sarana nambahi tha’at lan ibadah, mekaten ugi nilar sedaya awisanipun Allah, Mugi mugi kita pinaringana tetepipun iman, saha netepi taqwa dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala.
جَعَلَنَا اللّٰهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْاَمِنِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ * فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ * قُلْ لَنْ يُصِيْبَنَا إِلاَّ مَاكَتَبَ اللّٰهُ لَنَا هُوَ مَوْلاَنَ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
الخطبة الثانية
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللّٰهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُأَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد ٍوَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَأَشْـكُرُوْهُ ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ، فَقَالَ: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ * وَعَلٰى أٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ وَالتَّابِعِيْنَ * وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ * اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ * وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ * وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْۢ بَلَدِنَا هٰذَا خَٓاصَّةً * وَمِنْۢ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَٓامَّةً * إِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالْإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ أٰمَنُوْارَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ
عِبَادَ اللّٰهِ، إنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ
يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.
.jpg)
Komentar
Posting Komentar