Mangayubagya Hari Santri

KHUTBAH JUM'AT  
(Bhs.Jawi)
Mangayubagya Hari Santri


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهْ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ اْلَخلْقَ وَقَدَّرَ اْلأَشْيآءَ، وَأَكْرَمَ هَذِهِ اْلبِلَادَ إِنْدُوْنِيْسِيَا بِوُجُوْدِ نَهْضَةِ اْلعُلَمآءِ, فَامْتَدَّتْ رَايَةُ اْلَحمْرآءِ وَاْلبَيْضآءِ فيِ السَّمآءِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللّٰهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّابَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْإِخْوَانُ الْكِرَامُ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ, أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ * فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, sahingga kita kaparingan rahmat lan hidayah wusana beja dunya lan akhiratipun Amin.

Jamah kaum Muslimin ingkang Minulya.

Kaum Santri wekdal punika nedeng nedengipun mangayubagya Hari Santri Nasional (HSN).
Hari Santri menika minangka momentum heroik, momentum bersejarah ingkang mbuktekaken katresnan dateng bangsa lan bumi wutah rah kita, lan spirit nasionalisme kaum santri.
Semangat ingkang mekaten menika awit dawuh dalem Allah wonten Al Qur’an :

لَآ أُقْسِمُ بِهَٰذَا الْبَلَدِ. وَأَنتَ حِلٌّۢ بِهَٰذَا الْبَلَدِ

Yekti Ingsun sumpah demi bangsa iki (Mekah )  Lan Sira (Muhammad) manggon ing Mekah iki,   (QS. Al Balad : 1-2)

Kaum Santri rikala semanten kanti lila legawa ngorbanake jiwa lan raga, kanti semangat lan sikap konfrontatif nglawan kaum penjajah, mberat saking bumi pertiwi kangge nggayuh kamardikaning bangsa, awit agenging katresnan dateng bumi wutah rah punika. Berjuang ngantos titik darah penghabisan, kanti sesanti semangat santri :
"Isy kariman au mut syahidan"
Urip merdika utawa mati mlebu swarga,
Nglabuhi kamardikaning bangsa nglajengaken cita cita gegayuhan perjuanganipun pahlawan, nggayuh  pagesangan  ingkang adil lan makmur. Santri ing mangsa menika kedah marisi spirit nasionalisme lan patriotisme para ulama lan pejuang.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Para santri ing mangsa menika wajib nglajengaken tradisi keilmuan lan tanggel jawab sosial para Ulama pengajeng ingkang marisaken tuntunan Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan para sahabat, ingkang mituhu berjuang nguncara-aken agunging agami Islam wonten ing lumahing bumi, sahingga kadurakan lan pepeteng sirna gumantos jejeking tuntunan lan aqidah Ahlus Sunnah wal Jama'ah.
Nasionalisme lan tresna dateng wutah rah punika dipun tuladani dening Kanjeng  Nabi Muhammad saw, sahingga kita nderek  patuladanipun Kanjeng Nabi. Sinebat wonten ing haditsipun  Imam Bukhari ingkang ngriwayataken saking  sahabat Anas ra :

إِنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ إِذَا قَدِمَ مِنْ سَفَرٍ فَنَظَرَ إِلَى جُدُرَاتِ الْمَدِينَةِ أَوْضَعَ رَاحِلَتَهُ، وَإِنْ كَانَ عَلَى دَابَّةٍ حَرَّكَهَا مِنْ حُبِّهَا.
 
“Sak temene nalika Kanjeng Nabi SAW, kondur sangka tindakkan, nuli pirsa tembok-tembok Madinah, mangka Panjenengane nyepetake playuneng hewan titian, Lan nalika Kanjeng Nabi ing nduwur titian, panjenengane ngobah ngobahake hewan mau kerana tresnane marang
negara Madinah.”  (HR. Al-Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Kanti hadits punika minangka sugesti tumrap kaum santri anggenipun anggadahi raos cinta tanah air, kerana nulad lan nulada dateng Kanjeng Nabi SAW. wonten pundi panjenenganipun sugeng tansah tresna dateng bumi wutah rah, sae wonten Makkah menapa dene wonten ing Madinah.

Mugi mugi Allah tansah maringaken rahmatipun dateng kita, sahingga kita  nuladani dateng tindak Nabi tansah tresna dateng bumi wutah rah.
Nggayuh pagesangan ingkang adil makmur ing negari kita punika, kanti karidhan saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO