Khutbah jumat Kwajiban Thalabul Ilmi (Bhs.Jawi)

 

Khutbah jumat
Kwajiban Thalabul Ilmi
(Bhs.Jawi)
Oleh : KH.Damanhuri
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهْ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ نَوَّرَ قُلُوْبَنَا بِعُلُوْمِ الْعُلَمَاءِ* وَأَنْقَذَنَا بِهَا مِنْ دَرَجَةِ الْبَهَائِمِ وَالْأَعْمَاءِ* أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلهُ * اللّٰهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَتْقَى الْأَتْقِيَاءِ * وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الْجَزَاءِ* أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَتَعَلَّمُوْا الْعِلْمَ لِأَنَّ الْجَهَالَةَ مِنْ أَدْوَاءِ الدَّاءِ وَأَضَرِّالْأَعْدَاءِ * لَادَوَاءَ وَلاَشِفَاءَ إِلَّا بِعِلْمِ الْعُلَمَاءِ * لِأَنَّ الْعُلَمَاءَ وَرَثَةُ الْأَنْبِيَاءِ * قَالَ تَعَالَى : إِنَّمَا يَخْشَى اللّٰهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمَاءُ*
Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.
Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, sahingga kita kaparingan rahmat lan hidayah wusana beja dunya lan akhiratipun Amin.
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Kwajiban kita minangka kawula wonten ngarsanipun Allah, punika ngumawula lan ngibadah dateng Allah Ta’ala. Nanging kwajiban ibadah lan taqwa dateng Allah punika mboten bade saget kita tindakaken kejawi kanti dasar ngilmi, dene ngilmi saget kita mangertosi kedah kita gayuh kanti thalabul ilmi. Sifat bodho punika estu minangka penyakitipun manungsa, mboten wonten obat lan tamba ingkang langkung mujarab kejawi ilminipun para ulama, Amargi para alim ulama punika mila sampun pikantuk otoritas saking Kanjeng Nabi Sallallahu ’alaihi wa sallam kadadosaken warisanipun para Nabi, kanti pangandikanipun:
الْعُلَمَاءُ وَرَثَةُ الْأَنْبِيَاءِ
_“Para ulama iku minangka warise para Nabi”_
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Gusti Allah ndawuhaken dateng kita, supados sami pados ilmi dateng para ulama kanti dawuhipun ing kitab Al Qur’an:
فَاسْأَلُوْا أَهْلَ الذِّكْرِ إِنْ كُنْتُمْ لَاتَعْلَمُوْنَ
“Pada takona sira ing ahli dzikir (para ulama) lamun sira iku isih pada bodho”.
Kanti ilminipun para ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.
Ananging kasunyatan ing mangsa punika katah manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, ra oleh, ngene ra entuk ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup diakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agami. Inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun:
سَيَأْتِى زَمَانٌ عَلَى أُمَّتِي يَفِرُّوْنَ مِنَ الْعُلَمَاءِ وَالْفُقَهَاءِ فَيَبْتَلِيْهِمُ اللّٰهُ اللّٰهِ بِثَلاَثِ بَلَيَاتٍ:أَوَّلُهَا يَرْفَعُ اللّٰهُ الْبَرَكَةَ مِنْ كَسْبِهِمْ وَالثَّانِيَةُ يُسَلِّطُ اللّٰهُ تَعَالَى عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا َظَالِمًا وَالثَّالِثَةُ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الدُّنْيَا بِغَيْرِ إِيْمَانٍ
_“Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada lumayu sangka para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban, Sepisan: Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene. Kapindo: Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim. Kaping telu: Ummat kui bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman”._
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Mekaten ugi ampun ngantos tumandang ibadah, nanging ngawur tanpa dasar ilmi saking para ulama ingkang nyumber saking Al Qur’an lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ibadah ingkang tanpa dasar ilmi.
Ibnu Ruslan paring dawuh:
وَكُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْمٍ يَعْمَلُ* أَعْمَالُهُ مُرْدُوْدَةٌ لَاتُقْبَلُ
_“Kabeh wong kang tanpa ngilmu kok nglakoni amale ditolak ora di tampa malah di dukani”_
Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kwajiban pados ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amin.
بَارَكَ اللّٰهُ ليِ وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِااْلَايَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ * إِنَّهُ هُوَ التَّوَّاُب الرَّحِيْمُ وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO