Gilir Gumantosing Mangsa.

 

Gilir Gumantosing Mangsa.
Oleh : KH.Damanhuri
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَدَّدَ الْأَعْوَامَ عَمًا بَعْدَعَامٍ* أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ السَّلَامُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَيْرُالْاَنَامِ* اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَاْلعَجَمِ* وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّادَةِ الْكِرَمِ* أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللّٰهِ الْخَالِقِ الْعَلاَّمِ* بِالطَّاعَاتِ وَالْعِبَادَاتِ وَتَرْكِ الْمَعَاصِي وَالْأَثَامِ* فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ* يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوْا اللّٰهَ إِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
*Kaum Muslimin ingkang Minulya.*
Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dumateng Allah Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, mugi mugi kita tansah kaparingan rahmat lan hidayah saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Amin.
_*Kaum Muslimin ingkang Minulya.*_
Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun, wusana dumugi gumantosing warsa enggal, ingkang tentu mbekta harapan enggal. Sedayanipun menika mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, inggih saking kuwasa lan kersanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Tumrap kita sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng panguwaosipun Allah Ta’ala. Kados dawuhipun :
إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلاَفِ الَّليْلِ وَالنَّهَارِ لاَيَاتٍ لأُولِي الاَلْبَابِ *
_“Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal”_ (Ali Imran 190).
Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, saya tambah umur kita ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun pinesti. Sadar utawi mboten kita sedaya punika antri tumuju garis finis, akhiring lelampah gesang kita ing ngalam donya punika. Pramila kangge nglajengaken pagesangan punika, prayogi tumrap kita nderek ingkang kadawuhaken Kanjeng Nabi Muhammad Saw. dateng shahabat Abi Dzarin:
جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ الْبَحْرَ عَمِيْقٌ وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ وَخَفِّفِ الْحِمْلَ فَإِنَّ الْعَقَبَةَ كَؤُدٌ, وَاَخْلِصِ الْعَمَلَ فَإِنَّ النَّاقِدَ بَصِيْرٌ
_“Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa”._
*Kaum Muslimin Rahimakumullah,*
Wonten ing warsa enggal punika, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal pados sangu kanthi ngamal shalih murih ridlanipun Allah.
Mekaten ugi nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi mungkarot supados pikantuk pangapunten dosa lan kalepatan kita. Jalaran tiyang ingkang taubat prasasat kados mboten gadah lepat.
Kados dawuh Kanjeng Nabi:
التَائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاَ ذَنْبَ لَهُ
_“Wong kang taubat (kelawan sak temene) saka dosane mangka kaya- kaya wong mau ora duwe dosa”_
(HR. Al-Baihaqi)
*Para sederek Kaum muslimin ingkang minulya.*
Mugi mugi Allah tansah paring pangreksa dateng kita lan sedaya keluarga kita, pinaringan wilujeng saking bala’ lan musibah, kita tetep madep mantep ngatahaken pandonga dateng Allah Ta’ala, mugi kita kaparingan pagesangan ingkang sae, lan tansah kaparingan rahmat lan kanugerahan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
بَارَكَ اللّٰهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْأنِ الْكَرِيْم وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَياَتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم وَتَقَبَّل اللّٰهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO