Hikmah Isra' Mi'raj

 

Hikmah Isra' Mi'raj
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ .
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ
Jemaah jum'at ingkang kawulo hormati.
Monggo sami netepi taqwa dumateng Gusti Allah.tansah nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun.
Sholawat lan salam kunjuk wonten ngasanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW,keluarga lan shokhabat rumentah dumateng kito sedoyo ingkang tansah ngantu antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.
Jemaah jum'at Rakhimakumulloh
khotbah sakmangke kanthi judul : Hikmah Isra' Mi'raj
Sak meniko kito tasih wonten wulan Rojab, wulan ingkang agung. Amargi wonten ing wulan puniko wonten kedadosan ingkang agung. Inggih puniko Isra' Mi'raj.
Kados ingkang dipun dawuhaken wonten ing Al Qur’anul Karim :
أَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ.
بِسۡمِ اللهِ الرَّحۡمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ
Artosipun kirang Iangkung:
“Moho Suci Dzat kang wus nglakoake kawulone ono wayah bengi soko Masjidil Haram teko Masjidil Aqsha kang Ingsun paringi barokahe ing kiwo tengene supoyo lngsun weruhake marang panjenengane sebagian tondho kekuasaan Ingsun.
Sak temene Allah iku Dzat Kang Moho Midanget Ian Moho Mirsani.”
Qs.Al-Isro' ayat 1.
Wonten ing Isra' Mi'raj puniko Kanjeng Nabi dipun dhereaken poro malaikat mirsani kawontenan keraton langit ingkang antawisipun rupi Sidratul Muntaha, suwargo, neroko lan sak piturutipun. Lan wonten ing Isra’ Mi’raj meniko ugi Kanjeng Nabi nampi kewajiban Sholat gangsal wekdal.
Sak derengipun Kanjeng Nabi dipun isro’aken, Kanjeng Nabi dipun bedhah dining poro malaikat dipun resiki saking rereget nafsu. Pramilo naliko bidhal Isro’ panjenenganipun sampun suci lahir batos.
Saking kedadosan Isro' Mi’raj meniko paling boten, wonten hikmah werni kalih ingkang saget kito pendhet. Sepindah, peristiwa Isra’ Mi'raj puniko minongko salah setunggalipun perkawis ingkang akal manungso boten dumugi menawi dipun pikir kanthi nalar.
Ateges nguji dumateng sepinten kandeling iman manungso. Menawi manungso sampun keblusuk dateng pikiran-pikiran ingkang sarwo dipun ukur kanthi akal, kados model pikiran ingkang akhir-akhir muniko saget dipun nalar menopo kemawon ingkang boten masuk akal dipun anggep baten lares, mongko boten mustahil menawi manungso mboten badhe percoyo bab Isro’ Mi‘roj. Akhiripun boten namung Isro’ Mi’roj mawon, pokok wonten ajaran agami ingkang sajak mboten cocok kaliyan akal pikiran, lajeng enggal-enggal ingkar Ian ngedohi.
Pramilo sumonggo peristiwa Isro' Mi'roj meniko kito damel keyakinan bilih ajaranipun saking Gusti Allah panci sebagianipun boten saget dipun pikir mawi akal. Kathah perkawis ingkang akalipun manungsa boten dumugi. sebab ilmunipun namung sekedhik.
Kados ingkang sampun kaemutaken dining Al-‘Qur ’anul Karim :
أَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. وَمَا أُوتِيتُمْ مِنَ الْعِلْمِ إِلَّا قَلِيلًا
Artosipun kirang langkung:
“Siro kabeh ora den paringi ngelmu kejobo mung sithik” (Al-Qur’an, surat Al-Isro': 85)
Lajeng hikmah ingkang nomer kalih inggih puniko wonten peristiwa sakderengipun Isro’ Mi’roj. Nggih meniko dipun bedhahipun dhodho Kanjeng Nabi sak derengipun ngadhep sowan wonten ing ngarso dalem gusti Allah.
Tegesipun menawi Kanjeng Nabi mawon ingkang sampun cetho luhur derajatipun, sak derengipun ngadhep sowan wonten ing ngarso dalem gusti Allah, dipun resiki rumiyin manahipun, menopo malih umatipun ingkang kebak duso. Temtu kemawon menawi badhe ngadhep sowan dumateng Gusti Allah kedah mawi ngresiki manah langkung rumiyin. Tegesipun menawi kito badhe ngadhep sholat umpaminipun, kedah sarono manah ingkang resik, hening, Ian sepi saking perkawis ingkang saget ngregeti manah kados to urusan-urusan dunyo Ian sak piturutipun ingkang saget ngganggu anggen kito ngibadah.
Kajawi saking meniko langking prayogi kito ngagem ageman ingkang sae kados dawuh dalem gusti Allah :
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ خُذُوْا زِيْنَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ .......
Hai anak putu Adam !
Nganggoo ageman kang becik naliko mlebu ing masjid.
Qs. Al-a'raf 31.
Kadhang kolo kito kirang nggatosaken ageman menawi sholat.
Kamongko sholat meniko ngadep mring gusti Allah.
Pramilo kedah ngagem ageman engkang sae.
Namung ing wekdal meniko kadhang kito dereng ngagem ageman ingkang sae .malah namung ngagem kaos sak wontenipun.
Anggenipun wudhu, sesuci, inggih kedah sarono niat nyuceni manah saking sedoyo perkawis ingkang saget nungkulaken.
Kito kedah ngraos isin menawi boten saget mekaten.
Mekaten kolo wau hikmah Isro' Mi’roj mugi saget kito pendet manfaatipun.
Kanti mekaten insya Allah kito saget dados umat ingkang sae, purun andherek dumateng tuntunanipun kanjeng nabi Muhammad SAW.
Amin yarobbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ
Khotbah ke 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسۡمِ ٱلِلّٰهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيْمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةًفِى الْجَسَدِوَزِيَادَةًفِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةًفِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَقَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةًبَعْدَالْمَوْتِ،اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِوَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. اَللّٰهُـمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.
Aqimussholah.
Semoga bermanfaat

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO