KHUTBAH JUM'AT Mahabbah Nabi SAW. Versi Bahasa Jawa
KHUTBAH JUM'AT
Mahabbah Nabi SAW.
Oleh : KH.Damanhuri
اَلْحَمْدُ للّٰهِ اَلْحَمْدُ للّٰهِ الَّذِي بَعَثَ رَسُـوْلَهُ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لِتَتْمـِيْمِ مَكَارِمَ الْاَخْلاَقِ، اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْـهَدُ اَنَّ سَـِّدَنَامُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنْ عَذَابِ يَوْمِ التَّلاَقِ، اَللَّهُمَّ صَـلِّ وَسَـلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ آمَنَ بِهِ وَاَحَبَّهُ وَاشْـتَاقْ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى : مَنْ يُطِيْعِ الرَّسُولَ فَقَدْ اَطَاعَ اللّٰهَ، وَمَنْ تَوَلَّى فَمَاآرْسَلْناَكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظَا اَمَّابَعْدُ: فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ، اُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَ اللّٰهِ ، فَقَدْفَازَ الْمُتَّقُوْنَ
*Kaum Muslimin ingkang Minulya.*
Mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, kanti taqwa dateng Allah kita kaparingan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Amin.
Sampun dados pengadatan masyarakat kita saben saben dumugi wulan Rabi’ul Awwal, utawi wulan Mulud sami mahargya mulyaaken dateng dinten wiyosan Dalem junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wasallam. Sedaya wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah lan tresna dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam. Tresna dateng Nabi ugi jalaran tresna dateng Allah. Antawisipun bukti katresnan wau inggih punika nderek dateng tindak lampahipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam. Saha ngalap tulada dateng panjenenganipun.
Kados dawuhipun Allah subhanahu wa Ta’ala:
قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
_“Dawula Muhammad :Yen sira pancen tresna marang Allah, ndereka marang Ingsun, mesti wae Allah bakal tresna marang sira. Lan Allah bakal ngapura dosa dosanira kabeh, Allah iku Maha Ngapura lan akeh Kawelasane”_ (QS.Al Imran 31).
*Kaum Muslimin ingkang Minulya.*
Katresnan kita dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kita dateng Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate paring dawuh :
مَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي الْجَنَّةِ
_“Sing sopo wonge tresna marang Ingsun, mangka wong iku bakal bareng bareng sartaningsun ing swarga.”_
Hadist sanes ngendikakaken :
أنَّ رَجُلًا سَأَلَ النبيَّ صَلَّى اللّٰهُ عليه وسلَّمَ: مَتَى السَّاعَةُ يا رَسولَ اللّٰهِ؟ قالَ: ما أعْدَدْتَ لَهَا قالَ: ما أعْدَدْتُ لَهَا مِن كَثِيرِ صَلَاةٍ ولَا صَوْمٍ ولَا صَدَقَةٍ، ولَكِنِّي أُحِبُّ اللّٰهَ ورَسولَهُ، قالَ:أنْتَ مع مَن أحْبَبْتَ
_“Sawijining wong sowan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam, nuli matur: Duh Rasulullah, mbenjang menapa kedadosan qiyamat menika ? Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam lajeng dangu : Apa persiapanmu kanggo ngadepi dina qiyamat ? Tiyang wau lajeng matur : kula mboten gadah persiapan kangge ngadepi dinten kiyamat, kanti ngamal arupi shalat ingkang katah, utawi shiyam ingkang katah, mboten, mung mawon kulo tresna dateng Allah lan utusanipun. Kanjeng nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam lajeng dawuh :Sawijining wong kuwi mbesuk ana ing akhirat bakal d kumpulake marang kang di tresnani”._
( HR.Bukhari Muslim ).
Menawi estu estu tresnanipun mboten namung lelamisan, katresnan punika kita buktekaken, kanti nderek tindak lampahipun saha ngalap tulada dateng Panjenenganipun sak lebetipun gesang punika. Langkung langkung urusan ibadah mahdlah tentu mutlak kita nderek dateng dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ’alaihi wa sallam.
*Para Sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya*
Dumuginipun wulan Rabi’ul Awwal inggih wulan Mulud menika, mugi mugi kita saya tambah tresna lan mahabbah dateng Kanjeng Nabi wusana kita kalebetna ewonipun ummat ingkang nampi syafa’at mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Amin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَ لَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ .
وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ
Komentar
Posting Komentar