Khotbah Idul Adha. Boso jawi

 

Khotbah Idul Adha. Boso jawi
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاَتُهُ
اَللهُ أَكْبَرُ...... 3x
اَللهُ أَكْبَرُ...... 3x
اَللهُ أَكْبَرُ...... 3x
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِن سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه،
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسلم وَبَارك عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدَ، وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهمْ بِإحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّينِ، أمَّا بَعْدُ، فَياَ عِباَدَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ،
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ
فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ
اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ
صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمْ.
اللهُ أَكْبَرُ ,اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ ,
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Hadirin jemaah sholat 'eid
rahimakumullah.
Enjang meniko suanten takbit tahlil lan tahmid ngumamdang ing ngakoso ingkang sampun saget mecah suasono ingkang benten kalian dinden sanesipun.
Karono umat islam wonten ing dinten meniko tanggal sedoso wulan dzulhijah tahun 1444 H,
sak sampunipun maos takbi tahlil lan tahmid ngagungaken asmanipun gusti Alloh wiwid wingi sonten bakda magrib dipun lajengaken nindakaken ibadah sholat 'Eidul Adha kanthi jamaah,sedoyo wau mujutaken ketakwaanipun dumateng gusti Alloh.
Lan sumonggo tansah ngagungaken lan muji dumateng asmanipun gusti Alloh ingkang sampun maringi gesang lan nikmat ingkang mboten saget dipun etang
Idul Adha ndadosaken
momen spesial kagem umat Islam ing pundi kemawon.
Sak mbotenipun wonten kalih perkawis ingkang pokok njih meniko :
Sepidah Sederek kito ingkang nindakaken ibadah haji nembe nindakaken puncak kegiatan ibadah ing Mekkah, Arafah, Muzdalifah lan Mina.
Mugi mugi dipun paringi kesarasan lan dipun lancaraken sedayanipun.
Kaping kaleh Ingkang mboten nindakaken ibadah haji sami nindakaken sholat Idul Adha,Dipun lajengaken
ibadah kurban ngantos akhir dinten tasyrik.
اللهُ أَكْبَرُ ,اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ ,
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Hadirin jemaah sholat 'eid
rahimakumullah.
Kedadosan sejarah ingkang perlu dipun ditauladani wonten ing riyadin Idul Adha inggih punika tugas, lan perintah ingkang awrat sanget ingkang dipun amanahaken Allah Swt dumateng Nabiyullah Ibrahim A.S lan putranipun Nabiyullah Ismail A.S
(إِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِيْنُ),
sak temene perintah punika dados ujian ingkang nyata.
( Qs.As-Shoffat ayat 106 )
Allah Swt Paring dawuh wonten surah As-Shoffat ayat 100-106 :
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ، فَبَشَّرْنَٰهُ بِغُلَٰمٍ حَلِيمٍ ، فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعْىَ قَالَ يَٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلْمَنَامِ أَنِّىٓ أَذْبَحُكَ فَٱنظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ، فَلَمَّآ أَسْلَمَا وَتَلَّهُۥ لِلْجَبِينِ ، وَنَٰدَيْنَٰهُ أَن يَٰٓإِبْرَٰهِيمُ ، قَدْ صَدَّقْتَ ٱلرُّءْيَآ ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلْبَلَٰٓؤُا۟ ٱلْمُبِينُ
Artosipun : Duh Pangeran kawula, mugia panjenengan paring dumateng kawula putra ingkang sholih. Nuli Ingsun Allah paring Nabi Ibrahim putra ingkang banget sabare. Nalikanee putra wau sampun umur dewasa, sampun nyambut damel sesarengan Ramanipun, inggih meniko Nabi Ibrahim A.S, nuli Nabi Ibrahim A.S nimbali ingkang Putra, yaiku Nabi Ismail A.S: “He, Anakku, sak temene Aku weruh ing jroning impenku, Aku diperintah Allah Swt nyembelih sliramu, Aku angen-angen, piye yen menurut sliramu?” Kang Putra (Nabi Ismail A.S) njawab: “Rama, napa ingkang dados perintahipun Allah Swt Panjenengan lampahi kemawon, insya Allah Panjenengan badhe manggihi kula klebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar. Nuli Nabi Ibrahim A.S ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah punika, Nabi Ibrahim A.S lan ingkang Putra (Nabi Ismail A.S) sampun pasrah dumateng perintahipun Allah Swt. Nalika pipinipun Nabi Ismail A.S ditempelaken ing lemah, nuli Allah Swt nimbali Nabi Ibrahim A.S: “He, Ibrahim, saktemene sliramu wus netepi perintah kang saka impen iku, lan saktemene kanthi cara kang kaya mengkana iku, ingsun mbales wong-wong kang agawe kabecikan. Lan saktemen kedadehan iku dadi ujian kang nyata (QS. As-Shoffat 100-106).
اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.
Saking nukilan ayat ing inggil cetha sanget bilih Nabi Ibrahim A.S lan Nabi Ismail A.S nampi printah saking Allah Swt, perintah ingkang luar biasa awratipun.
Saking peristiwa menika kita mangertos bilih kesabaran lan ketakwaan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail diuji dening Allah.
Estu, mboten kanyono-nyono, kanti bekal ketaatan, kesabaran, keikhlasan lan kepatuhan ing ndalem melaksanakan perintah Allah. Nalika Nabi Ibrahim badhe mragat Nabi Ismail, sak kedeping netro, Allah ngganthos posisi Nabi Ismail kanthi setunggaling mendho ingkang ageng ( dumba ).
اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.
Ketakwaan menika selaras kalian dawuhipun Allah wonten surat At-Tholaq ayat 2-3:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًا ، وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى ٱللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُۥٓ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ بَٰلِغُ أَمْرِهِۦ ۚ قَدْ جَعَلَ ٱللَّهُ لِكُلِّ شَىْءٍ قَدْرًا
Artosipun:
Sing sapa wonge takwa marang Allah, mangka Allah bakal paring dalan saka kerupekan. Lan Allah bakal paring rizki saka dalan kang ora kanyono-nyono, lan sapa wonge kang tawakkal, pasrah dumateng Allah, mongko Allah bakal nyukupi kebutuhane, lan sak temene Allah sampun netepi saben-saben perkara.
(QS. At-Tholaq: 2-3).
اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.
Wonten pesan ingkang ndadosaken kawigaten wonten ing kisah Nabi Ibrahim lan keluarganipun bileh anak mujutaken harta utawi bondho ingkang sakalangkung awis.
Ananging menawi
dipun banding ketakwaan dumateng gusti Alloh Nabi Ibrahim tuwin putranipun Nabi Ismail sampun lulus ujian karono sampun nindakaken samukawis ingkang Dipun dawuhaken gusti Alloh lantaran impen.
Ingkang dipun westani kurban meniko pancen abot?sinaosa mekaten meniko mujudaken printah langsung saking gusti alloh :
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ
فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ
Artosipun : Sak temene Aku wus paring klawan siro (Muhammad) nikmat kang akeh
Mongko tindakno sholat mring gusti Alloh lan kurbano ( kanggo ibadah lan nyaketake mring gusti Alloh ).
Qs.Al-Kautsar ayat 1 dan 2.
Pramilo saking meniko khotip ngajak nindakaken ibadah korban kagem ingkang sampun kacekapan.
Tasih kathah tiyang ingkang dipun paringi kacekapan penghasilan nanging dereng kerso nindakaken ibadah kurban.
Hadirin jemaa Jum’at Rahimakumullah
Nabi Muhammad SAW sampun ngendiko wonten ing sak lebeting hadits paring pemut umatipun masalah perintah ibadah kurban :
عَنْ َأبِي هُرَيْرَة: َأنَّ رَسُوْل اللهِ صلى الله عليه وسلم قال : مَنْ كَانَ لهُ سَعَة وَلمْ يَضَحْ فَلا يَقْربَنَّ مُصَلَّانَا (رواه احمد وابن ماجه)
Artosipun : saking Abu Hurairah, Rasulullah SAW paring sapdo,sok sinteno ingkang anggadahi kemampuan, nanging mboten kerso kurban mongko ojo nyedaki panggonan sholatku.
(HR Ahmad lan Ibnu Majah).
Sinaosa kito sampun asring kurban saben tahun menopo sampun sebanding kalian pengorbanan Nabi Ibrahim tuwin nabi ismail.
Tasih tebeh sanget.
Ing mriki kulo namung dapur ngingetaken.
Ingkang sampun saget kurban ing tahun meniko syukur alhamdulillah.
Ingkang dereng saget monggo sami niat kurban ing taun ngajeng kanthi nabung saben wulan.
Kanthi niat lan usaha ingkang sae gusti Alloh tansah paring mergi ingkang mboten kanyono nyono.
اللهُ أَكْبَرُ ,اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ ,
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Hadirin jemaah sholat 'eid rokhimakumulloh
Makaten khutbah ingkang sage kulo aturaken, mugi-mugi kita sedaya klebet golongan kawulanipun Allah ingkang taat lan tunduk dumateng sedaya perintah-perintahipun, lan saged nilar sedaya larangan-laranganipun Allah Swt. Amin 3x, Ya Rabba al ‘Alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَللهُ أَكْبَرُ........ 3x
اَللهُ أَكْبَرُ........ 3x
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
Pinongko pungkasaning atur monggo kito tutup khotbah Idul Adha meniko kanthi nyuwun dumateng ngarsanipun pengeran mugi dinten ingkang barokah meniko saget dipun ijabahi Allah swt.
Aamiin yarobbal 'alamin.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ أَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللَّهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ الأَحَدُ الصَّمَدُ الَّذِى لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُولَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أَحَدٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِينَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ،
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO