KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi) Infak fi Sabilillah

KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi)
Infak fi Sabilillah.

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلحْمَدلِلّٰهِ الَحْمَدُ لِلّٰهِ الَّذِى نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أعْمالِنَا مَنْ يَهْدِ اللّٰهُ فَلامُضِلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلَاهادِيَ لَه. أَشْهَدُأَنْ لاَاِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, واَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْوَسِيْلةِ وَالْفَضِيلَة. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمَّد وعلى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ وَلاَحَوْلَ ولاقُوَّةَ إلَّابِاللّٰهِ, أمَّابَعْدُ
مَعاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللّٰهِ, إتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إلَّاواَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ الله تَعَالَى في كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ, وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيْدَنَّكُمْ ولَئِنْ كَفَرْتُمْ إنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang Munulya …
Sumangga kita sedaya tansah bersyukur saha sami netepi taqwa dumateng ngarsa dalem Allah SWT. Sarana estu-estu nindakaken perintah ipun Allah Ta’ala saha nebihi sedaya awisanipun Allah SWT.
Hadirin Jamaah Jumat ingkang Minulya
Satunggaling sifat lan lampah pinuji tumrap tiang mukmin inggih menika nyukuri dateng nikmat-nikmatipun Allah ingkang sampun kaparingaken dateng kita, Allah SWT. ndawuhaken dateng kita :
لَئِنْ شَكَرْتُمْ َلأزِيْدَنَّكُمْ ولَئِنْ كَفَرْتُمْ إنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ.
_*”Yekti lamun sukur sira kabeh, mangka yekti bakal Ingsun (Allah) nambahi nikmat ing sira kabeh. Lan lamun kufur sira kabeh, Saktemene siksa ingsun (Allah) iku yekti banget olehe ngelaraake”*_ (QS: Ibrahim: 7)
Pramila mangga kita nyukuri dateng sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken dening Allah dateng kita sedaya, ingkang mboten saget kita etang etang katahipun.
وَإِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْهَا
Hadirin jama’ah jum’at ingkang minuliya.
Bersyukur menika gampil dipun ucapaken, nanging kasunyatan angel dipun praktekaken. Pramila kita ngemutaken kita kedah ngginakaken peparing nikmat menika kangge ngatahaken ibadah dateng ngarsa dalem Allah.
Ngginaaken peparing nikmat arupi arta banda ngedalaken zakat atawi sedekah.
Nalika kita ngginakaken umur kangge ngibadah dateng Allah, syetan lan hawa nafsu kita tentu nggirigoda lan ngalang ngalangi. Kita kepengin tindak masjid perlu ngibadah, tentu syetan gandoli langkah kita. Syetan bade nasaraken kita tumuju dateng panggenan-panggenan ingkang kebak kemaksiatan ingkang nyengsemaken.
Hadirin jama’ah jum’at ingkang minulya
Nalika kita kepengin zakat utawi sedekah, tentu syetan lan hawa nafsu ugi bakal tansah nggoda kita, tansah mbisikake resiko-resiko ingkang dereng mesti kedadosan. “Ah ngapa ndadak zakat lan sedekah, kebutuhan uripmu dewe akeh kang durung keturutan.”
Kanjeng Nabi Muhammad 14 abad ingkang kapengker ngemutaken dateng kita, bilih sedekah menika mboten bakal ngurangi arta banda sekedik mawon. Sebab Allah mesti bakal ganti tikel matikel. Rasulullah SAW ngendika :
مَا نَقَصَ مَالٌ مِنْ صَدَقَةٍ
_*“Harta banda menika mboten bade telas sebab dipun sedekahaken”.*_
(HR. Muslim)
Kepara kanti sedekah, banda dunya kita bade san saya tambah barokahe lan ugi wilangane. Allah SWT sampun ngendika wonten ing Al Qur’an :
وَمَا أنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْئٍ فَهُوَ يَخْلِفُهُ
_*“Lan apa wae kang sliramu sedekahaken, mesti bakal diganti dening Allah SWT”.*_
(QS. Al-Hasyr : 39)
Jamaah Jumah ingkang munulya.
Katah sanget hikmah nyukuri nikmat menika antawisipun mbersihaken jiwa. Kanti sedekah bade bersih jiwa lan banda kita.
Nalika warga anggota masyarakat menika pribadi-pribadi ingkang bersyukur lan taqwa dateng ngersanipun Allah, tentu masyarakat bade aman tentrem kanti rahmatipun Allah SWT. Lan bangsa kita kasebat bangsa ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur. Amin Allahumma Amin.
جَعَلَنَا اللّٰهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْاَمِنِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ
وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن*

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO