Ziyarah Kubur Ing Wulan Sya’ban
Ziyarah Kubur Ing Wulan Sya’ban
اَلْحـَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى أَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَى قُلُوْبِ المُؤْمِنِيْنَ، وَجَعَلَ الضِّياَقَ عَلَى قُلُوْبِ الْمُنَافِقِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ. * أَشْهَدُأَنْ لَااِلَهَ إِلاَّاللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلمُبِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْنُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدِنِ المَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَاحَوْلَ وَلَاقُوَّةَ إِلَّا بِاللّٰهِ اْلعَلِيِّ اْلعَظِيْمِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ, قَالَ اللّٰهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : وَمَنْ يَتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ وَقَالَ: وَذَكِّرْ فَإِنَّ الذِّكْرٰى تَنْفَعُ الْمُؤْمِنِيْنَ
_*Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.*_
Mangga sami kita nambahi taqwa lan ajrih kita dumateng Allah Ta’ala, kanti nindakaken sedaya dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi mugi kita tansah kaparingan kawilujengan saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, Amin.
_*Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.*_
Ziarah kubur ing wulan Sya’ban menika kalebet pengadatan masyarakat ingkang sampun manjing minangka tradisi ingkang mboten gampil katilaraken dening masyarakat kita. Jalaran wonten dawuh hadits saking Kanjeng Nabi SAW.
قَالَ رَسُوْلُ اللّٰهِ صَلىَّ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : نَهَيْتُكُمْ عَنْ زِيَارَةِ اْلقُبُوْرِ فَزُوْرُوْهَا (رواه مسلم)
_Rasulullah SAW. ngendika : "Ingsun mbiyen ngelarang sira kabeh ziyarah kubur, dene sak iki pada ziyaraha kubur sira kabeh”._ (HR. Muslim).
Miderek Imam Nawawi, hukum ziarah kubur menika sunnah tumrap tiang kakung. (al-Majmu’ lin Nawawi, juz 5, hal. 281).
Malah wonten dawuh ingkang ekstrim inggih punika pengendika saking Ibnu Hazm mekaten :
قَالَ ابْنُ حَزْمٍ اَنَّ زِيَارَةَ اْلقُبُوْرِ وَاجِبَةٌ وَلَوْ مَرَّةً وَاحِدَةً فِي الْعُمْرِ لِوُرُوْدِ اْلاَمْرِ بِهِ (العسقلانى, فتح الباري, ج 3. ص. 188)
_Imam Ibnu Hazm dawuh : wajib ziarah kubur sinaosa namung sepisan seumur hidup, karana wontenipun perintah ziyarah menika._ (Fathu al-Bari : Ill/188)
Linangkung makamipun tiang sepuh, leluhur, saha keluarga piambak. Kanjeng Nabi sampun paring tulada ziarah dateng makbarahipun ingkeng ibu,
Kados ingkang sinebat ing hadits :
عَنْ أَبِىْ هُرَيْرَةَ قَالَ : زَارَ النَّبِيُّ قَبْرَ أُمِّهِ فَبَكىَ وَأَبْكيَ مَنْ حَوْلَهُ (رواه مسلم رقم 2304)
_“Riwayat saking Abi Hurairah, ngendika bilih : Rasulullah ziarah dateng makamipun ingkeng ibu lan panjenenganipun muwun ngantos para shahabat ugi sami muwun”_ (HR. Muslim).
Wondene ziyarah ing wekdal tertentu ugi mboten dipun larang. Nabi ziarah dateng makam Baqi’ ing wanci dalu nishfu Sya’ban karana dalu kasebat satunggaling wekdal ingkang minulya.
Al-Hafidz Al Imam Ibn Rajab ngendikaaken:
عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهَا اَنَّهَا قَالَتْ : فَقِدْتُ النَّبِيَّ صَلىَّ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَخَرَجْتُ فَاِذًا هُوَبِاْلبَقِيْعِ رَافِعًا رَأْسَهُ اِلىَ السَّمَاءِ فَقَالَ : أَكُنْتِ تَخَافِيْنَ أَنْ يَخِيْفَ اللّٰهُ عَلَيْكِ وَرَسُوْلُهُ فَقُلْتُ يَارَسُوْلَ اللّٰهِ ظَنَنْتُ اَنَّكَ أَتَيْتَ بَعْضَ نِسَائِكَ فَقَالَ: اِنَّ اللّٰهَ تَبَارَكَ وَتَعاَلَى يَنْزِلُ لَيْلَةَ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ اِلىَ السَّمَاءِ الدُّنْيَا فَيَغْفِرُ لِأَكْثَرَ مِنْ عَدَدِ شَعْرِ غَنَمِ كَلْبٍ" خرجه أحمد والترمذي وابن ماجه.
Hadits saking ‘Aisyah RA. penjenengane ngendika, _“Swiji wektu pas giliranku, aku kelangan Kanjeng Nabi. Nuli aku metu nggoleki, kanyata Panjenengane ana ing makam Baqi’, lagi madep ing arah langit. Nabi lajeng dawuh : "apa sliramu khawatir Allah lan Rasule sewenang-wenang marang sliramu?” aku matur : ‘Duh Rasulullah, kula nginten bilih paduka ngrawuhi garwa garwa sanes. Lajeng Nabi ngendika, : “Saktemene kanugerahane Allah tumurun ing wengi nishfu Sya’ban ing langit dunya iki, lan Allah ngapura marang wong akeh kang ngluwihi wilangane wulu weduse Bani Kalb (akeh banget)”_
(HR. Ahmad, Tirmidzi lan Ibn Majah).
Dados ziyarah kubur ing wulan Sya’ban menika nderek tindakipun Kanjeng Nabi SAW. Mila kados kados ziyarah menika dipun telas telasaken wonten ing wulan Sya’ban, jalaran wulan candakipun menika wulan Ramadhan kita sami ketungkul ibadah Ramadhan mboten sempat ziyarah kubur.
Mugi-mugi kita dipun paringi tetep iman Islam, saha nindakaken ingkang dipun tuladani dening Nabi lan dipun perintahaken dening Allah Ta'ala.
Amin ya Rabbal alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَه إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Komentar
Posting Komentar