Lailatul qodar

khotbah jawa
Lailatul qodar.
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ الله فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ
فَأُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتًّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Monggo kito sesarengan ningkataken takwa kita dateng gusti Allah kanthi nglampahi printahipun gusti Allah, lan nebihi sedoyo awisan awisanipun.
Sholawat lan salam kunjuk wonten ngasanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW,keluarga lan shokhabat rumentah dumateng kito sedoyo ingkang tansah ngantu antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.
Aamiin yarobbal 'aamin.
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Khotbah sakmangke mendet judul :
Lailatul qodar.
Lailatul qodar njih meniko salah setunggaling malem ing sak lebeting
wulan Ramadhon,Ingkang dipun gambaraken wonten ing Al Qur'an njih meniko malem ingkang langkung sae kalian sewu wulan.
Pramilo njih sanget limrah menawi sami kepengen berlomba-lomba wonten ing kesaenan.
(fastabul khairat)
Kagem nyongsong Lailatul Qadar. Alesanipun sanget sederhana bileh umur kita ing ngalam ndona dereng tentu dumugi 83 tahun.
Sak wetawis wonten Surat al-Qadar ayat 3 dipun nyataaken bileh :
لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ
Malem kemuliaan (Lailatul Qadar) Menuko langkung sae kalian sewu wulan.
Dengan pertimbangan itulah ummat Islam di mana tempatnya sangat menantikan Lailatul Qadar.
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Umat Islam anggenipun nyambut Lailatul Qadar meniko kanthi niat iklas nggayuh malem kemuliaan kasebut,Ingkang kanthi
runtut dipun jelasaken ing saklebetipun Surat al-Qadar ayat 1 - 5. kanthi firmanipun gusti Allah :
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ.
1) Sak temene ingsun wu nurunake (Al-Qur'an) ono ing malem qadar.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ.
2) Lan ngertio siro opo malam kemuliaan iku?
لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ.
3) Malam kemuliaan iku luweh apik soko sewu wulan.
تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ.
4) Pada malem iku tumurun poro malaikat dan Ruh (Jibril) kanthi izin pangerane kanggo ngatur sak kabehe urusan.
سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ
5) Sejahterao ingwengi iku nganti wayah rino.
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Wonten bab ingkang menarik ing sak lebeting surat al-Qadar, Njih meniko naliko wonten pitakenan :
Opo siro sumurup kang diarani Lailatul Qadar?
Sepisan Lailatul Qadar
keutamaane ngluwihi 1000 wulan.
Kaping pindho ing sak jroning Lailatul Qadar poro malaikat kang Ndarbeni tugad dewe dewe kang ono urusane klawan manungso klebu malaikat Jibril, tumurun kabeh ing ngalam ndonyo kanthi ijine gusti Alloh kinen mahanani
kedamaian lan keslametan.
Kang kaping telu nyuwunake ampunan kanggo ummat Islam,nganti wayah rino.
Gambaran Surat al-Qadar
meniko ingkang nuwuhaken semangat
ummat Islam nindakaken tafakkur, ngamal, lan ngathahaken ibadah ing 10 malem pungkasan wulan Ramadan.
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Kebiasaan ummat islam anggesangaken 10 malam pungkasan ing wulan Ramadan kanthi coro i’tikaf kados ingkang dipun tindakaken deneng Rasulullah Saw.
i’tikaf meniko salah setunggaling usaha nyaketaken dumateng gusti Alloh utawi muraqabah dumateng gusti Alloh kanthi iklas.
Njih wonten kalodangan meniko pasrah dumateng pangeran kados dene kito ngadek ing sak ngajenge kori utawi pintu rakhmat
nenggo datengipun pengampunan saking gusti Alloh.
Jemaah jum'at rokhimakumulloh.
Kesimpulanipun ing khotbah meniko monggo sami ningkataken ibadah wonten ing masjid utawi mushola kagem makmuraken 10 malem akhir Ramadan kanthi maos al-Qur’an kinaryo ucapan syukur, karono sampun dipun turunaken
kitab suci ing wulan Ramadan.
Sepindah malih monggo sami i’tikaf,ngathahaken tadarus,maos sholawat,ningkataken amal kesaenan,
manjataken puji donga
mugi mugi pikantuk mahfiroh saking gusti Alloh ayem tentrem, sehat,bahagia wonten ndonyo dumugi akherat
Amiin yarobbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ وَتُوْبُوا إِلَيْهِ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله عَظِيْمِ الْإِحْسَانِ، وَاسِعِ الْفَضْلِ وَالْجُوْدِ وَالْاِمْتِنَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلًّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، أما بعد:
عِبَادَ اللهِ فَأُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، وَالْاِجْتِهَادِ فِي طَاعَتِهِ وَالسَّعْيِ فِي التَّقَرُّبِ إِلَيْهِ بِمَا يُحِبُّ مِنْ صَالِحِ الْأَعْمَالِ.
وَصَلُّوا وَسَلِّمُوا رَحِمَكُمُ اللهُ عَلَى إِمَامِ الصَّائِمِيْنَ وَقُدْوَةِ الْقَائِمِيْنَ وَقَائِدُ الْغُرِّ الْمُحَجَّلِيْنَ مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ كَمَا أَمَرَكُمُ اللهُ بِذَلِكَ فِي كِتَابِهِ فَقَالَ: ﴿إنَّ الله وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلُّوا عليه وسلِّموا تسليمًا﴾
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، اللّهُمَّ اشْمِلْنَا بِعَفْوِكَ وَأَدْخِلْنَا فِي رَحْمَتِكَ، اللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَافِيَةَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ, اللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ وَالْعَافِيَةَ فِي الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، اللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا، اللّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا، اللّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا .
اللّهُمَّ اِسْتَجِبْ دُعَاءَنَا وَحَقِّقْ فِيْكَ رَجَاءَنَا، وَأَعْطِنَا سُؤْلَنَا إِلهِ الْحَقِّ، وَآخِرُ دَعْوَاناَ أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO