Khotbah Idul fitri 3. b.jawa anak ingkang bekti.

 

Khotbah Idul fitri 3. b.jawa
anak ingkang bekti.
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰـهِ وَبَرَكاتُهُ‎
اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ.
أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ:
فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوصِْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Jemaah shalat 'Idul fitri Rahimakumullah .
Puji syukur sumonggo tansah kito aturaken dumateng ngarsanipun gusti Allhoh kanthi maos takbir, tahlil lan tahmid tansah ngumandang ing saindenging nuswantoro lan ing pundi kemawon amargi ing dinten riyaya Idul Fitri, sedaya umat Islam sami ngraos bingah amargi sampun tuntas anggenipun nindakaken kewajiban shiyam Ramadhan.
Kautaman ibadah ingkang sakalangkung kathah njih namung ing wulan Ramadhan, Rasulullah SAW ngendika:
كُلُّ عَمَلِ بْنِ اَدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا اِلَى سَبْعِمِائَةِ ضِعْفِ, قَال اللهُ تَعَالَى اِلَّا الصَّوْمَ فَاِنَّهُ لِى وَاَنَا أَجْزِى بِهِ (رواه مسلم)
“Kabeh amale Bani Adam bakal ditikelake 10 nganti 700 ,gusti Allah ngendika kejaba puasa, mangka satuhune puasa iku kanggo Ingsun, lan Ingsun kang bakal aweh piwales marang dheweke”.
(HR. Muslim) .
Shiyam Ramadhan punika ibadah ingkang kathah kautaman lan barokahipun, sedaya ibadah dipun tikelaken ganjaranipun dening Gusti Allah lan ibadah puasa ganjaranipun langsung dipun tampi dening Allah.
اللهُ أَكْبَرُ, 3x وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jemaah shalat Id Rahimakumullah
Wonten kedadosan ing saklebeting 14 abad kapengker bileh poro sokhabat Nabi nyuwun pirso duh Rosululloh wonten menopo panjenengan maos aamiin kaping 3.
piyambakipun njawab :
Dadio sumurupmu menowo Malaikat Jibril ndongo mangkene :
Kang sepisan :
Duh gusti Alloh ampun dipun tampi ibadahipun anak ingkan mboten bekti kalian tiang sepuhipun.
Monggko aku banjur ngaminke
Kang kaping 2 :
Duh gusti Alloh ampun dipun tampi ibadahipun tiyang ingkang mboten kagungan kasih sayang dumateng putro-putrinipun.
Monggko aku banjur ngaminke.
Kang kaping 3 :
Duh gusti Alloh ampun dipun tampi ibadahipun tiyang estri ingkang mboten bekti kalian simahipun lan keluarganipun.
Monggko aku banjur ngaminke.
اللهُ أَكْبَرُ, 3x وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah.
Monggo kito sami mawas diri menopo kito dados anak sampun bekti dumateng tiyang sepuh kekaleh.
Karono ridho tiyang sepuh meniko njalari dados sumber kesuksesan kito,kosok wangsulipun bendunipun tiang sepung saget njalari petakaning agesang.
kados kaserat wonten satunggaling hadis :
رِضَى اللهِ فِي رِضَى الْوَالِدَيْنِ وَسُخْطُ اللهِ فِي سُخْطِ الْوَالِدَيْنِ .
Artinya: "Keridhaan Allah gumantung wonten keridhaan tiang sepuh lan kanepsonipun gusti Allah gumantung wonten kanepsonipun tiyang sepuh (HR Tirmidzi).
Monggo kito pirsani sekedap utawi mengenang masa lalu perjuangan tiang sepuh naliko kito tasih alit.
Ingkang dereng saget nopo nopo.
Kanthi kasih sayangipun piyambakipun tansah nggendong kito wonten pundi kemawon,ngurusi sedoyo keperluan kito ugi tansah ngrawat kito ngantos akhir dewoso.
kosok wangsulipun kito pinongko anak sampun sak mestipun bekti kalian tiang sepung kekalih amargi meniko ugi perintah saking gusti Alloh :
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا
“nyembaho mring gusti Allah lan siri ojo nyekuthoake.
Lan Tumindako kang becik marang wong tuwosak karone.
(QS. An Nisa: 36).
اللهُ أَكْبَرُ, 3x وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah.
Kosok wangsulipun kito pinongko anak menopo sampun migatosaken kawontenan tiyang sepuh.
Kados pundi keperluan ing saben dintenipun, kesehatanipun.
Menopo maleh naliko nandang gerah nopo kito sampun saget ngupokoro.
Menawi dalemipun tebih nopo rutin kito saget nuweni,menawi saget nuweni nopo sampun kito rawat sak sagetipun kados paring pangandikan ingkang andadosaken bombongin tiang sepuh, utawi ngusap pasuryanipun,nyuapi utawi ndulang,nggantos agemanipun.
Kados naliko ngrawat kito duk rikolo semanten rumiyen.
Ampun ngantos kito kesupen mring kesaenan tiang sepuh,karono wonten ugi ingkang kirang iklas anggenipun ngurus tiang sepuh naliko nandang gerah.
Minongko sesami muslim kito perlu ngemutakan monggo sak sampunipun nindakaken sholat idul fitri sami nindakaken silaturahmi utaminipun dumateng tiyang supuh,menawi sampun mboten wonten monggo sami kentun puji donga,njih namung sarono puji donga meniko ingkang saget ngenthengaken tiyang sepung ing alam kubur.
Cekap semanten mugi mugi kito sedoyo saget dados anak ingkang bekti mring tiyang sepuh.
Ingkang pungkasan wonten ing dinten ingkang sakalangkung sae meniko monggo kito lajengaken ngibadah lang ngamal ingkang sae kados naliko ingkang kito lampai ing wulan romandhon.
Mboten kesupen kulo
ngaturaken sugeng riyadi
تَقَبَّلَ اللَّهُ مِنَّا وَ مِنْكُمْ
Taqabbalallahu minna wa minkum
Mugi ibadah kulo lan panjenengan dipun tampi deneng Alloh swt.
Aamiin yarobbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنيِ وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ.
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah II
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ اللهُ أكْبَرُ كَبِيْرًا وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً لاَ إِلٰهَ إِلاّاللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لاَ إِلَهَ إِلاّاللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا، أَمَّا بَعْدُ، اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ مِنْ مَشَارِقِ الْأَرْضِ إِلَى مَغَارِبِهَا بَرِّهَا وَبَحْرِهَا، خُصُوْصًا إِلَى آبَاءِنَا وَاُمَّهَاتِنَا وَأَجْدَادِنَا وَجَدَّاتِنَا وَأَسَاتِذَتِنَا وَمُعَلِّمِيْنَا وَلِمَنْ أَحْسَنَ إِلَيْنَا وَلِأَصْحَابِ الحُقُوْقِ عَلَيْنَا، اللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ .رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.
فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO