KHUTBAH IDUL FITRI (Bhs.Jawi) Wangsul Dateng Kemenangan.

 

KHUTBAH IDUL FITRI
(Bhs.Jawi)
Wangsul Dateng Kemenangan.
Oleh : KH.Damanhuri
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ لَاإِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ،اللّٰهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا, ألْحَمْدُ لِلّٰهِ, ألْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ اْلأَعْيَادَ بِالأَفْرَاحِ وَالسُّرُوْرِ وَضَاعَفَ لِلْمُتَّقِيْنَ جَزِيْلَ اْلأُجُوْرِ، فَسُبْحَانَ مَنْ حَرَّمَ صَوْمَهُ وَأَوْجَبَ فِطْرَهُ وَحَذَّرَ فِيْهِ مِنَ الْغُرُوْرِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى فَهُوَ أَحَقُّ مَحْمُوْدٍ وَأَجَلُّ مَشْكُوْرِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً يَشْرَحُ اللّٰهُ لَهَا لَنَا الصُّدُوْرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَامُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِىْ أَقَامَ مَنَارَ اْلإِسْلاَمِ بَعْدَ الدُّثُوْرِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا دَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالنُّشُوْرِ. أَمَّابَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمُ السُّرُوْرِ
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Sewulan natas kita sami netepi kwajiban ibadah shiyam, kanti sak warnining panandang kita lampahi, inggih ngelak lan luwe sampun mesti, lungkrah lan loyo, lemes, lesu pucet, aras arasen wegahan lan sak panunggalanipun. Sedaya jejibahan kasebat sampun kita tindakaken kanti ikhlas murih karidhan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Malah kepara kanti suka gumbira kita sami nindakaken ibadah shiyam lan sak warnining ibadah sanesipun ing sak lebetipun wulan Ramadhan kepengker. Mekaten wau inggih minangka bukti bilih wulan Ramadhan mila estu kebak barokah lan rahmatipun Allah Ta’ala.
Estunipun kita sanget kuciwa ing saat punika kita kedah pepisahan kaliyan Ramadhan, sinaoso kanti raos awrat lan owel kados pundi kemawon kita kedah lila nglepas bidalipun wulan Ramadhan. Pangajab lan panyuwun kita, mugi Allah maringaken panjang yuswa, saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing tahun tahun ingkang bade dateng. Amiin.
Lan mugi sedaya ibadah kita ing wulan Ramadhan kepengker katampi maqbul wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ لَاإِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Mangga kita tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisaipun. Inggih namung kanti taqwa dateng Allah Ta’ala kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang kita dunya ngantos dumugining akhirat. Amin.
Dinten menika kita mahargia dinten kamenangan kita ingkang kebak kebahagiaan lan kabingahan. Jalaran lelampah lan jejibahan ingkang sekelangkung awrat sampun kita leksanaaken kanti sampurna. Sewulan natas kita ngampet ngelak lan luwe, meper kanepson ingkang mboten enteng sampun kaleksanan. Mila sampun sak mestinipun ummat Islam sami mahargia dinten kemenangan punika kanti bingah lan suka cita.
Pramila mangga swasana riyaya punika kita ginakaken kangge introspeksi, mawas diri lan muhasabah, dateng nikmat peparingipun Allah ingkang katah sanget ngantos mboten saget kawical wical. Sageta sami syukur kanti ngginakaken nikmat punika dateng perkawis ingkang dipun ridhani dening Dzat ingkang paring nikmat. Langkung langkung nikmat kamenangan punika kita syukuri kanti ngegungaken Asma dalem Allah Ta’ala, kados dawuhipun wonten Al Qur’an :
وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan supaya sira kabeh pada nyampurnaake wilangane dina anggone pasa Ramadhan, lan sira supaya pada ngegungake ing Gusti Allah, karana olehe nuduhake Allah ing sira kabeh, supaya sira kabeh pada syukur.
(QS. Al Baqarah : 185)
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Wulan Ramadhan nembe kemawon bidal nilaraken kita sedaya. Sak lebetipun sewulan kita kedah ngampet lan memper dateng kanepson lan pepinginan ingkang saget ngrisakaken shiyam kita. Lajeng wonten pungkasanipun wulan Ramadhan kita dipun wajibaken ibadah sosial zakat fitrah, minangka kasampurnanipun shiyam kita.
Pramila wonten ing dinten punika dumugi titi wancinipun kita nggayuh kamenangan nelukaken hawa nafsu ingkang dumunung wonten ing pribadi kita piyambak.
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Merangi lan nglawan hawa nafsu punika dumunung satunggaling jihad lan perjuangan ingkang ageng. Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallhu alaihi wasallam nalika kondur saking satunggaling peperangan Panjenenganipun nate paring dawuh :
رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلأَصْغَرِ، إِلىَ الْجِهَادِ اْلأَكْبَرِ (رواه البيهقي)
"Kita kabeh pada bali sangka perang cilik ngadepi mungsuh, perlu ngadepi jihad akbar, perang agung (ngadepi hawa nafsu)” (HR. Al Baihaqi)
Ibadah shiyam estunipun, ngajak dateng umat Islam kangge nggayuh kamardikan ingkang hakiki, kanti shiyam saget nahan saking penghambaan dateng kebiasaan ingkang mboten sae, ugi saking pengajakipun nafsu lan syahwat. Nafsu kedah kita tundukaken mboten malah kita ingkang tunduk dateng pengajak lan pikajenganipun. Jalaran nafsu menawi mboten dipun tundukaken, tentu tansah ngajak lampah awon, Dawuh dalem Allah Ta’ala wonten ing Al Qur’an :
وَمَآ أُبَرِّئُ نَفْسِىٓ ۚ إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌۢ بِالسُّوٓءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّىٓ ۚ إِنَّ رَبِّى غَفُورٌ رَّحِيمٌ
“Aku ora tahu mbebasake nafsuku sangka kesalahan, kerana sejatine nafsu iku tansah perintah tumindak ala,kejaba nafsu kang di paringi rahmat sangka Pangeranku, temenan Pangeran iku yekti Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane”
(QS. Yusuf :53).
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Pramila shiyam Ramadhan minangka tarbiyatun nafsi, ndidik dateng nafsu supados saget lulut lan jinak mboten ganas lan buas.
Kewajiban shiyam hakikatipun minangka rahmat saking Allah supados manungsa mboten kecalan sifat kamanungsan lan kamulyanipun.
Jalaran manungsa punika makhlukipun Allah ingkang paling mulya. Dawuhipun Allah :
لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ
“Yekti temen temen wis Ingsun titahake manungsa kelawan luwih becik becike titah” (QS. At Tiin : 4 ).
Sahingga kita shiyam bade merdika aken jiwa kita saking sifat srakah lan rakusipun hawa nafsu lan syahwat. Jiwa ingkang merdika bade dados panguasa atas pribadinipun, rinengga bebuden ingkang minulya. Jumbuh kaliyan dawuh Nabi :
لَيْسَ الْغِنَى عَنْ كَثْرَةِ الْعَرَضِ وَلَكِنَّ الْغِنَى غِنَى النَّفْسِ
“Sugih iku ora kerana akehe banda, nanging sejatine sugih iku rasa cukupe ati “.
(HR. Bukhari lan Muslim ).
Ananging kosok wangsulipun menawi nafsu ingkang minangka panguwaos wonten ing pagesanganing manungsa, tentu ngreka daya, sak obah polahipun namung kangge nuruti pikajenganipun hawa. Tundanipun derajatipun kelorot dateng derajat ingkang asor, hewan rumangkang langkung mulya katimbang manungsa ingkang tansah nguja hawa.
Kados ingkang kadawuhan dening Gusti Allah :
ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِينَ
“Nuli Ingsun balekake manungsa marang derajat kang luwih asor asoring derajat kang asor” (QS. At Tiin : 5).
Jamaah sholat eidul fitri rahimakumullah.
Ibadah shiyam wulan Ramadhan kepengker punika hikmah ingkang utami kangge ngendaleni lan nundukaken hawa nafsu. Pramila beja kemayangan tumrap tiyang ingkang saget nggayuh kemenangan saget nelukaken hawa nafsunipun. Jalaran ateges sampun kasil nguwaosi dateng pribadinipun.
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ لَاإِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya.
Labetipun shiyam tumrap gesang kita, bade kita buktekaken wonten ing lelampah wekdal wekdal sak lajengipun pasca Ramadhan. Ing wasana mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah lan rahmatipun Allah netepi kumawula kanti Istiqomah, pungkasan khusnul khatimah. Amin.
جَعَلَنَا اللّٰهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*
الخُطْبَةُ الثَّانيةُ
اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ, لَاإِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ, اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ،اللّٰهُ أَكْبَرُ كَبِيرًاوَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللّٰهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُأَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد ٍوَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَأَشْـكُرُوْهُ ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ، فَقَالَ: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ * وَعَلٰى أٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ وَالتَّابِعِيْنَ * وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ * اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ * وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ * وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْۢ بَلَدِنَا هٰذَا خَٓاصَّةً * وَمِنْۢ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَٓامَّةً * إِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالْإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ أٰمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ
عِبَادَ اللّٰهِ، إنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ
يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO