KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi) Kwajiban Ngreksa Keluarga
KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi)
Kwajiban Ngreksa Keluarga
Oleh KH : Damanhuri.
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
الحَمْدُ لِلّٰهِ الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى لَايَعْبُدُهُ الْعِبَادُ اِلَّا ِبسَابِقِ نِعَمِهِ* وَعَصَمَ مَنِ اصْطَفَاهُ مِنْ عِبَادِهِ * وَرَحِمَ مَنْ اِجْتَبَاهُ لِحِدْمَتِهِ * أَشْهَدُ أنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ إِظْهَارًا لِرُبُوْبِيَّتِهِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِقْرَارًا بِرِسَالَتِهِ وَنُبُوَّتِهِ * اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِنِ الْمُصْطَفَى الْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِجَمِيْعِ خَلْقِهِ * وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَذُرِّيَاتِهِ مِنْ بَعْدِهِ * صَلاَةً وَسَلاَمًا دَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ * أَمَّابَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُوْنَ الْكِرَامُ ،أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ * قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى : يَأَّيُهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا اتَّقُو اللَّٰهَ حَقَّ تَقُاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur mangga sami kita ningkataken taqwa lan ajrih dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun. Kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, Amiin.
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah,
Minangka kawulanipun Allah, kita anggadahi jejibahan ngreksa amanat saking ngarsanipun Allah. Kalebet amanat tumrap kita inggih punika keluarga, garwa lan putra kita. Allah Ta’ala paring dawuh :
يَأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا قُوْا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيْكُمْ نَارًا وَقُوْدُهَا النَّاسُ واَلْحِجِارَةُ
“Hai wong kang pada iman, pada ngreksaha sira kabeh ing awak ira lan keluarga ira sangka siksa neraka, kang urub urube neraka iku watu lan manungsa”.(QS. At Tahrim : 6).
Dawuh menika gamblang, ndawuhaken dateng kita, supados sak estu langkung migatosaken dateng keluarga lan anak anak kita. Kawigatosan menika kedah kita buktekaken kanti anggen kita tansah migatosaken pangibadahanipun. Mekaten ugi samu kawis ingkang nglabeti tumrap keluarga kita, ampun ngantos nerak dateng wewaler lan nerjang awisaning agami kita.
Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,
Ing mangsa akhir menika mboten sekedik kasunyatan ingkang sanget mrihatosaken. Satunggaling keluarga ingkang mboten merduleni dateng sesamining warga ing babagan pangibadahan. Tiang sepuh kirang anggenipun paring kawigatosan dateng para putra, langkung langkung ing babagan pangibadahan shalat fardlu. Ing mangka Allah sampun paring dawuh :
وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلاَةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا
“Lan printaha marang keluarganira kelawan shalat, lan supaya sabar sira nindakake shalat” (QS. Thaha :132).
Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,
Babagan lingkungan lan sesrawungan punika sanget mempengaruhi dateng kawontenanipun para putra. Mila kita kedah tansah waspada.
Menawi garwa shalihah, putra putri shalih shalihah, srawunganipun ugi tiyang tiyang shalihin, rizki lancar mboten saking papan ingkang tebih, menika sak perangan saking kebahagian keluarga. Dawuh dalem kanjeng Nabi :
أَرْبَعٌ مِنْ سَعَادَةِ الْمَرْءِ: أَنْ تَكُوْنَ زَوْجَتُهُ صَالِحَةً وَأَوْلَادُهُ أَبْرَارًا وَخُلَطَاؤُهُ صَالِحِيْنَ وَأَنْ يَكُوْنَ رِزْقُهُ فِي بَلَدِهِ
“Patang perkara iku sawenah saking kebahagiaaning sawijine wong, yaiku anane bojo kang shalihah, anak anak kang mbangun miturut shalih shalihah, srawungan wong wong shalih, lan rizki kang kasil saka negarane dewe”. (HR. Ad Dailani).
Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,
Tanggel jawab kita minangka Bapak, lan minangka garwa, tumanduk dateng sedaya keluarga mila mboten namung sekedar cekap sandang, pangan, papan, kesehatan mawon, ananging ugi perkawis pendidikan minangka kabetahan mutlak ingkang kedah cekap lan sae sedayanipun.
Langkung langkung pendidikan kawruh agami lan tatakrami. Jalaran mustahil putra putri menika bade dados lare shalih lan shalihah tanpa kawruh agami. Mila saking menika ampun ngantos dipun lirwakaken kawruh agami lan tatakrami.
Wusananipun mugi mugi kita tansah kaparingan tetep Iman Islam. Putra putri kita dadosa lare ingkang shalih shalihah. Kita ugi tambah ngamal ibadah kanti istiqamah akhiripun pinaringan khusnul khatimah.
بَارَكَ اللّٰهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ اللّٰهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ العَلِيْمُ ,وَأَقُوْلُ قَوْلى هَذَا فَاَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ العَظِيْمَ
إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Komentar
Posting Komentar