Khotbah Bahasa Jawa Marhaban ya Ramadhan.

 Khotb b.jawa
Marhaban ya ramadhan.

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى اَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ . اَشْهَدُاَنْ لَّااِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهٗ لَاشَرِيْكَ لَهٗ اَمَرَنَابِالْاِحْسَانِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ اَرْسَلَ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهٖ وَاَصْحَابِهٖ اَجْمَعِيْنَ.
 اَمَّا بَعْدُ.
فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ قَالَ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ.
 اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ.
 يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah !

Wonten kesempatan meniko khotib ngaturaken wasiat dumateng panjenengan sami, ugi dumateng badan kulo piyambak. Sumonggo mumpung taksih dipun paringi kesempatan soho kesehatan kita tansah budidaya amrih soyo tambahipun anggen kita taqwa dateng gusti Allah kanthi nindakaken perintahipun soho nebihi awisanipun. Langkung-langkung ingkang yuswanipun sampun sekawan doso minggah, sebab menawi ukuran yuswanipun Rasulullah saw. namung 63 tahun, berarti yuswanipun kirang langkung kantun 20 tahun malih, ananging menawi sampun 50 tahun, berarti kantun 13 tahun malih.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah !

Sekedap malih kita bade mlebet wulan ingkang agung ingggih menika wulan Ramadhan, ingkang penuh rahmat, maghfirah soho rahmatipun gusti Allah.
Ing wulan meniko umat islam anggadahi kewajiban poso kados ingkang dipun sebat wonten ing ayat meniko :

يأَيُّهَا الَّذِينَءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ *

Artosipun : hai wong-wong kang podho iman, diwajibke marang siro kabeh poso koyo kang diwajibke wong-wong sak durunge supoyo  taqwa.
Qs al baqarah 183

Alhamdulillah kito dados imat islam,sebab
soksinteno remen datengipun wulan romadhon meniko mongko,bingah kemawon sampun ageng faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :

مَـنْ فـَرِحَ بــِدُخُوْلِ رَمَضَانَ حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرَانِ

“Sing sopo wonge bungah sebab tekane wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka siksa neraka”
Nash riwayat iki disebutke ing kitab Durrat An-Nasihin

Pramilo monggo kita siap-siap mapag datengipun wulan Ramadhan meniko. Ingkang perlu kito siapaken :

1  Persiapan Jasmani : kita siapaken jasmani kita tetep sehat wal’afiat kanthi dhaharan lan unjukan ingkang bergizi, ugi kanthi olah raga ringan.

Nomer 2 : Persiapan Rohani : khususipun persiapan iman.Insya Allah menawi sampun niat puasa Allah swt., bade paring kekiyatan dateng kita. Kagem pekerja berat kedah dipun atur amrih kiyatipun, umpaminipun makaryo namung wekdal enjing lan sontenipun istirahat. Kita kedah menggalih bilih 11 wulan kita bebas dhahar lan ngunjuk kumpul suami istri, siang lan malem-ipun. Ananging wulan Romadhan namung siangipun ingkang dipun awisi jalaran puasa, dalunipun sampun pikantuk malih.

Nomer 3 : Persiapan materi ingkang kagem persiapan naliko buka lan sahur, ugi kagem shadaqah kedah materi ingkang halal lan sae. Allah swt.dhawuh wonten ing Al-Quran :

 يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِيْنٌ (البقرة : ١٦٨)

He para menungso, podo dhaharo siro kabeh songko opo wae sing ono ing bumi kang halal tur apik. Lan ojo podo manut marang  langkah-langkahe syetan; margo syetan iku musuh kang nyata kenggone siro kabeh (QS. Al-Baqarah : 168)

Rasulullah saw, ugi sampun dhawuh :

اِنَّ اللهَ تَعَالَى طَيِّبٌ لَايَقْبَلُ اِلَّا طَيِّبًا….(رواه مسلم )

“Sak temene Allah Ta’ala iku Maha Apik lan ora bakal nerima kejaba sing apik.”(HR. Muslim)

Kanthi ayat lan hadits kasebat sampun jelas bilih kita dipun perintah dhahar lan ngubjuk ngagem bahan ingkang halal lan sae, sebab Allah boten nampi perkawis ingkang boten sae, kalebet shiyam kita menawi boten sae inggih boten dipun tampi.

Nomer 4 : Persiapan ilmu : khususipun ilmu kanggo poso. Rasulullah saw. sampun dhawuh :

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهٗ مِنْ صِيَامِهٖ إِلَّا الْجُوْعِ وَالْعَطَسِ (رواه النسائى وابن ماجه )

“Akeh wong kang poso kang ora nompo ganjaran posone, kejobo mung oleh luwe lan ngelak.”
(HR. Nasai lan Ibnu Majah)

Miturut hadits menika, kathah tiyang poso ananging boten pikantuk ganjarane poso sebab boten dipun kantheni ngilmu utawi gadhah ilmune poso neng boten dipun agem. Akhiripun posonipun boten dipun tampi dening Allah swt.na’uudzu billaahi min dzaalik.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah !

Klebet  ilmunipun poso ingkang kedah dipun pahami inggih menika dhawuhipun Rasulullah saw. :

خَمْسٌ يُفْطِرْنَ الصَّائِمَ : اَلْكَذِبُ وَالْغِيْبَةُ وَالنَّمِيْمَةُ وَالْيَمِيْنُ الْكَاذِبَةُ وَالنَّظْرُ بِشَهْوَةٍ (رواه الجابر عن أنس )

“Ono lima perkara kang biso batalake ganjarane poso, yoiku : 1. Goroh / ngapusi  2. Ngrasani olo   3. Adu-adu 4. Sumpah palsu lan 5. Mandang liyo jenis kanthi syahwat / nafsu birahi. (HR. Jabir saking Anas)

Imam Al-Ghozali wonten kitab Ihya ‘Ulumuddin sampun ngendika : Puasa menika wonten 3 tingkat :

Tingkatan sepindah : Puasa umum : inggih punika puasa umume tiyang. Puasanipun namung nyegah daharan lan kemaluan saking kebetahanipun piyambak-piyambak. Maksud ipun namung nyegah dahar, ngunjuk lan kumpul kaliyan suami isteri.

Tingkatan nomer 2 : Puasa Khusus : wonten tingkatan menika kejawi nyegah dahar, ngunjuk lan kumpul kaliyan suami isteri, ugi nyegah pandangan, lisan, tangan, suku lan sedoyo anggota badan saking perbuatan dosa-dosa.

Tingkatan nomer 3 : Puasa khususul khusus / istimewa : puasa wonten tingkatan punika kejawi sampun nyegah dahar, ngunjuk lan kumpul kaliyan suami isteri, nyegah pandangan, lisan, tangan, suku lan sedoyo anggota badan saking perbuatan dosa-dosa. Manahipun tansah dzikir emut tumuju dateng Allah swt.(menika puasanipun para Nabi, Rasul, Shiddiqin lan tiyang-tiyang ingkang dipun celak-aken dateng Allah swt.)

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Kita kedah usaha ingkang supados shiyam kita dipun tampi dening Allah swt.paling boten kita raih tingkatan puasa ingkang nomer kalih, inggih punika Puasa khusus.

Akhiripun sumonggo kita nyuwun dateng Allah swt.ingkang supados shiyam lan Sedoyo ibadah kita dipun tampi dening Allah swt.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ

Khotbah ke 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

قَالَ اللّٰهُ تَعَاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:  إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةًفِى الْجَسَدِوَزِيَادَةًفِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةًفِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَقَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةًبَعْدَالْمَوْتِ،اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِوَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
 رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.

Aqimussholah.

Semoga bermanfaat
Al Huda

Komentar

Postingan populer dari blog ini

4 GOLONGAN YANG DIRINDUKAN SYURGA

Tiga janji kita kepada Allah ketika shalat

BIOGRAFI RINGKAS GUS BAHRU LIRBOYO