khutbah jumat Nisyfu sayban
malem Nifsu sya'ban
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِن سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ .
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنْ.
أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللّٰه، اُوْصِيْنِي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰه، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
Jemaah jum'at ingkang tansah kawulo hormati.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem gusti Allah, awit samoun paring nikmat ingkang tanpa wicalan. langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya.
Pramilo sumonggo tansah ningkataken taqwa kanthi nindakakan sedoyo ingkang dipun dawuhaken lan ninggalaken ingkang dipun larang.
Sholawat lan salam kunjuk wonten ngasanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW,keluarga lan shokhabat rumentah dumateng kito sedoyo ingkang tansah ngantu antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.
Jemaah jum'at Rakhimakumulloh
khotbah sakmangke kanthi judul : malem nifsu sa'ban.
Wulan Sya’ban wulan ingkang penting namung kirang kawigatosan kito.
Amargi ing wulan meniko tumurun salah setunggaling ayat saking gusti Allah :
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
Saktemene Allah lan poro malaikat podho sholawat kanggo Nabi.
Hai wong wong kang podho iman! Sholawato siro kanggo Nabi lan ucapno salam kanthi pangormatan kang luwih kanggo panjenengane.
Qs.Al-Ahzab Ayat 56
Antawisipun wulan Rajab kalian Ramadhan, katah tiang ingkang kesupen utawi lalay ngantos Rasulullah nyebataken menawi ing wulan sya’ban meniko mboten dipun gatosake.
Rasulullah ngendiko :
ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ
Iki wulan kang den lalekake deneng poro manungso, yoiku ing antarane bulan Rajab lan Ramadhan.
(HR. An-Nasa'i. "Hasan" miturut Al-Albani)
Katah ingkang lalai, keporo malah wonten ingkang dadosaken Sya’ban dados wulan pelampiasan. Mumpung durung ramadhan lan kalimat senada asring kito mirengaken.
Jama’ah jum'at ingkang minulyo,
Sejatosipun wulan Sya’ban meniko anggadahi kautaman ingkang ageng sebab ing wulan sya’ban meniko dados wulan ingkang dipun angkat sedoyo amal dumatheng ngarsanipun gusti Allah.
وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِي
Ing wulan iki amale manungso diangkat ing ngarsane gusti Allah.
(HR. An-Nasa'i lan Ahmad. "Hasan" miturut Al-Albani)
meniko keutamaan wulan Sya’ban ingkang sepindah.
Wonten ing wulan Sya’ban dipun angkat amalipun manungso dumateng ngarsanipun gusti Allah.
Keutamaan kaping kalih inggih puniko wonten ing pertengahanipun wulan sya’ban njih meniko malem 15 wulan sya'ban. Ingkang sampun kito kenal kanti istilah Nisfu Sya’ban.
Sabdanipun Rasululloh:
إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ
Saktemene gusti Allah
mriksa saben malem nishfu Sya'ban.
Gusti Allah paring ampunan sadengah makluke kejobo kang tumindak syirik utowo kang pasulayan karo sedulure.
(HR Ibnu Majah,shahih deneng Al-Albani)
Jama’ah jum'at ingkang minulyo.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh :
إِذَا كَانَتْ لَيْلَةُ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَقُوْمُوْا لَيْلَهَا وَصُوْمُوْا نَهَارَهَا (رَوَاهُ ابْنُ مَاجَه فِي السُّنَنِ وَالْبَيْهَقِيُّ فِي شُعَبِ الْإِيْمَانِ)
Maknane : menowo siro ing sak jronong malem nifsu sya'ban mungko regengno wengine lan posoo ing dino awanne
(HR Ibnu Majah i ng ndalem as-Sunan lan al-Baihaqi ing ndalem Syu’ab al-Iman)
Wonteng in hadis meniko kito dipun dawuh aken supados ngregengaken ing malem nifsu sya'ban kanti maos yasin, puji dzikir lan
lan ndedongo nyuwun wonten ing ngarsanipun gusti Allah.
Karono ing wulan nifsu sa'ban meniko gusti Allah bade ngijabahi ingkang dipun suwun deneng umatipun.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh :
إِذَا كَانَ لَيْلَةُ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَان نَادَى مُنَادٍ هَلْ مِنْ مُسْتَغْفِرٍ فَأَغْفِرَ لَهُ، هَلْ مِنْ سَائِلٍ فَأُعْطِيَهُ (رَوَاهُ الْبَيْهَقِيُّ في شُعَبِ الْإِيْمَانِ(
Kang maknane :
Menowo ing malem nifsu sa'ban malaikat nyeru awit saking gusti Allah mangkene : Opo ono kang njaluk ampunan mongko bakal Aku ampuni,Opo ono kang njaluk sawiji wiji mongko bakal Aku wenehi.
(HR al-Baihaqi dalam Syu’ab al-Iman).
Jama’ah jum'at ingkang minulyo.
Ingkang mboten kalah penting njih meniko
nglunasi utang siyam ramadhan, kangge ngingetaken keluargo kito ingkang gadah utang siyam ramadhan.
Sak lajengipun ngatahaken ibadah lan amal kesaenan sarto ningkataken kualitas ibadah kito.
Kito giataken shalat rawatib, qiyamullail, maos Al-quran, lan katah maleh ingkang saget kito tindakaken.
Pungkasanipun atur monggo tasih wonten wekdal mugi mugi kito saget manfaataken kanti sak saesaenipun, awit amal kito bade dipun angkat dateng ngarsanipun gusti Allah saben wulan sya'ban.
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun: “Duh Gusti Allah, Panjenengan paringi barakah kula/kito wonten ing Wulan Rejeb lan
Wulan Sya’ban, lan
Panjenengan panggihaken kula kaliyan Wulan
Romadhon.
Saking uraian meniko sampun jelas bilih Wulan Rejeb lan sya'ban utawi Ruwah punika dados
Pemut menawi wulan romadhon sampun caket. Wulan ingkang langkung mulya lan kathah kautamaan. Mugi-mugi kita dados pribadhi-pribadhi ingkang tansah pikantuk barokah, pikantuk pitedah, lan dipun panjangaken umuripun ngantos saged manggihi poso Ramadhan. Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ
Khotbah ke 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةًفِى الْجَسَدِوَزِيَادَةًفِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةًفِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَقَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةًبَعْدَالْمَوْتِ،اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِوَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. اَللّٰهُـمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.
Komentar
Posting Komentar