Ziarah kubur / nyekar : Edisi revisi.
khotbah jawa 21
Ziarah kubur / nyekar :
Edisi revisi.
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الِلّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِن سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ .
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنْ.
أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللّٰه، اُوْصِيْنِي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰه، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ،
فَاُولٰۤىِٕكَ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّعْفُوَ عَنْهُمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَفُوًّا غَفُوْرًا
Jamaah Jum'at Rokhimakumululloh.
Monggo kito sesarengan ningkataken takwa kita dateng gusti Allah kanthi nglampahi printahipun gusti Allah, lan nebihi sedoyo awisan awisanipun.
Sholawat lan salam kunjuk wonten ngasanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW,keluarga lan shokhabat rumentah dumateng kito sedoyo ingkang tansah ngantu antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.
Aamiin yarobbal 'aamin.
Jemaah jum'at Rakhimakumulloh
khotbah sakmangke kanthi judul : Ziarah kubur/nyekar.
Sejatosipun ziarah kubur saget dipun tindakaken ing wulan nopo kemawon,nanging wulan syakban utawi ruwah mujutaken tradisi khususipun ing daerah jawi tengah.
Kalebet ingkang wonten perantauan sami wangsul karono bade ziarah kubur dateng poro leluhur.
Ziarah kubur ugi dipun sebat nyekar awit ing mriku wonten ugi acara tabur bunga sak sampunipun kirim doa.
Wonten satunggaliing hadis saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun nyriosaken menawi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabdo :
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
Menowo sawijining wong iku ninggal mongko putus kabeh amale, kejobo telung perkoro yoiku :
1 sedekah jariyah.
2 ilmu kang manfaat.
3 do’a anak kang sholeh
(HR. Muslim no. 1631)
Faedah kang kaping siji soko hadits iku menowo manungso iku mati, amalane putus.
Mulo kang soko iku siro dadi wong muslim ngakehno amalmu sakdurunge tumeko pati.
Lhah meniko satunggaling pepenget kagem kito sedoyo ingkang tasih gesang,supados saget tumindak ngamal sedekah lan nyiapaknen bekal akherat njih meniko taqwa.
Kewajiban kito minongko anak ingkang sholeh njih meniko paring dongo dumateng alhi kubur utawi ahli waris ingkang sampun ngrumiyini sedo utawi tilar donyo,ingkang biasa dipun sebat ziarah kubur utawi nyekar.
Kagem tiang mu’min, ziarah kubur meniko saget nambah semangat ngibadah lan saget ngemutaken dumateng kito saking cinta dunia lan hikmahipun ziarah kubur kados ingkang dipun ngendikaaken Rasululah :
كُنْتُ نَهَيْتُكُمْ عَنْ زِيَارَةِ الْقُبُوْرِ، فَزُوْرُوا الْقُبُوْرَ فَإِنَّهَا تُزَهِّدُ فِي الدُّنْيَا وَتُذَكِّرُ اْلآخِرَةَ
sekawit aku nate nglarang mring siro ziarah
kubur,nanging saiki podho ziaraho .
Sebab ziarah kubur iku biso ngelengake marang kematian lan ngelengake marang akherat.
(HR. Ibnu Majah saking Ibnu Mas’ud).
Wonten hadis sanesipun Rosululloh paring dawuh :
زُورُوا الْقُبُورَ فَإِنَّهَا تُذَكِّرُكُمُ الْمَوْت
“tindakno ziarah kubur, sebab ziarah kubur bakal ngelengake kelawan kematian.”
(HR. Nasa’I 2034, Ibn Majah 1572 – hadis shahih)
Jamaah Jum'at Rokhimakumululloh.
Dadi tujuan kang paling utomo ziarah kubur iku
kanggo kirim donga utowo ndongakake ahli waris kang wis ono alam kubur lan ngelengake supoyo kito dadi wong muslim ora gandrung marang bondo donya lan supoyo eleng menowo besok yo bakal bali ono ngarsane gusti Allah.
Adab Ziarah Kubur :
Alhamdulillah kito dados umat Islam,umatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah dumateng kito sedoyo ingkang ugi ngajaraken akhlak lan tatacara berziarah kubur.
1 wudhu langkun rumiyen sak derenge mangkat.
2 ngagem pakaian ingkang sae lan sopan.
3 naliko mlebet wonten lokasi pemakaman,ngucapaken salam langkung rumiyen.
السَّلامُ عَلَيْكُمْ دَارَ قَوْمٍ مُؤْمِنينَ وَأتَاكُمْ مَا تُوْعَدُونَ غَداً مُؤَجَّلُونَ وَإنَّا إنْ شاءَ اللَّهُ بِكُمْ لَاحِقُوْنَ
"Assalamu'alaìkum dara qaumìn mu'mìnîn wa atakum ma tu'adun ghadan mu'ajjalun, wa ìnna ìnsya-Allahu bìkum lahìqun."
Artosipun : "Assalamuallaikum, ya kaum mukmin.
Wis tumeko janjine gusti
Allah kang sempat ditangguhke sesok, lan aku Insya Allah bakal nyusul mring siro.
4 Ndongaaken ahli kubur.
Lan naliko ing kuburan,tansah nduweni roso wedi mring gusti Allah sebab yakin menowo kito mesti bakal koyo penghuni kubur itu, lan ndedongoa supoyo ing mbesuk gusti Allah nimbali kito ing ndalem kawontenan khusnul khotimah.
Aamiin yarobbal 'alamin.
Intinipu ing khotbah meniko khotib ngemutaken bileh manungso bakale mati.ziarah kubur satunghaling tumindak ingkang sae tumrap ahli kubur lan sae tumrap diri pribadi.
Mugi kanthi donga puji dzikir ingkang tumuju dateng poro ahli kubur khususipun lan sedoyo tiang mukmin lan mukninat ingkang sampun ahi kubur pikantuk magfiroh saking ngarso dalem gusti Allah rumentah dumateng kito sedoyo aamiin yarobbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ
Khotbah ke 2
اَلْحَمْدُ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةًفِى الْجَسَدِوَزِيَادَةًفِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةًفِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَقَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةًبَعْدَالْمَوْتِ،اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِوَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.
Aqimussholah.
Semoga bermanfaat
Al Huda
Komentar
Posting Komentar